Rabu, 24 Februari 2016

Dongeng-Basajawa-Gaul-NYADRAN



Serial Jaka Saba

Nyadran 
dening: Widyo Babahe (mbah Wied)




Bapak Gunawan, wakil kepala sekolah, gawe kagete kanca-kancane Jaka Saba saklas. Marga esuk-esuk Pak Gunawan wis mlebu nang klase. Kamangka kudune sing ngawiti mulang dina Setu kuwi Pak Supiyanto, guru olah raga.
Nanging embuh ana apa, dina kuwi kok Pak Gunawan, ya wakil kepala sekolah, sing mlebu klas. Apa Pak Supiyanto ana tugas penataran nang Kantor Dinas Pendidikan? Kurang-luwih mengkono pangirane murid-murid klas IV Sekolah Dasar (SD) Kanoman 1.
Pancen ora bisa disalahake yen murid-murid duwe pangira kaya ngono kuwi mau. Apamaneh murid-murid klas IV wis padha apal, gurune olah raga kerep ninggalake sekolah dina Setu. Mesti alasane penataran. Yen ora, ya penyuluhan.
Apa ora ana guru liyane sing mumpuni apa kepiye to? Saben ana layang saka Kantor Dinas Pendidikan utawa dinas liyane, mesthi Pak Supiyanto sing diutus. Kejaba saka kuwi, nang sekolah liya apa ya ora ana guru sing saguh?
“Bocah-bocah, aja salin dhisik,” mengkono Bapak Wakil Kepala ngawiti dhawuh. “Dina iki klas IV ora ana pawulangan.”
Bocah-bocah padha ndoblong. Ora ana angin, ora ana udan, la kok Bapak Wakil Kepala Sekolah dhawuh kaya mangkono. Bareng wis diwenehi ngerti, murid-murid klas IV kuwi mau lagi mudheng yen sekolahane arep ketekan tamu saka SD Internasional. Dijlentrehake uga apa karep lan tujuwane murid sekolah kuwi mau teka nang SD Kanoman 1.
“Sapa sing ngerti apa tegese outbonds?” pitakone Pak Gunawan marang bocah-bocah.
Tembung kuwi wis ora aneh nang kupinge murid-murid klas IV. Mula ya ora gumun yen akeh murid sing padha ngacung. Ana sing mangsuli yen outbonds kuwi tegese nandur pari. Ana sing menehi teges yen outbonds kuwi mlaku-mlaku nang kebon sinambi nyawang tanduran. Ana uga sing njawab ngundhuh ace utawa rambutan. Rupa-rupa wangsulane bocah-bocah.
Krungu wangsulane bocah-bocah kuwi mau, Pak Gunawan mung mesem. Banjur menehi katrangan apa tegese outbonds. “Dadi wangsulan kuwi mau kabeh ora ana sing kleru. Saiki sing baku, nang desa ngendi becike murid-murid SD Internasional kuwi mau bisa nindakake kekarepane?” mangkono Pak Gunawan ngawiti rembug.
Yen dietung, ing wewengkone Kecamatan Gunungpraja cacahe ana 13 desa, 27 dhukuh. Saka 13 desa kasebut, sing kagolong isih amba sawahe ya mung Desa Wanasaba. Mula Pak Gunawan banjur ngetung murid-murid sing papan panggonane ana Desa Wanasaba ana bocah pira. Sabanjure, kira-kira dhukuh ngendi sing isih kalebu wewengkone Desa Wanasaba sing bisa aweh pambiyantu kekarepane tamu mengkone.
“Pripun, Pak, menawi manggen wonten dhukuh kula?” panjaluke Jaka Saba marang Pak Gunawan. “Menapa malih boten dangu malih Dhukuh Saba ngawontenaken sedhekah dhukuh.”
Bareng padha sarujuk kabeh, Pak Gunawan nemtokake dhukuh sing mengkone kanggo outbonds SD Internasional yakuwi Dhukuh Saba, ya dhukuhe Jaka Saba. Mangkono carane Pak Gunawan menehi piwulangan babagan demokrasi marang murid-muride.
Satemene ya wis ana panggagas panggonan kanggo nampa tamu sing arep outbonds kuwi mau. Ora liya ya Dhukuh Saba. Nanging ngiras-ngirus menehi piwulangan babagan demokrasi, Pak Gunawan ngajak murid-muride ngulinakake rembugan.
Rampung rembugan, murid-murid klas IV SD Kanoman 1 bebarengan karo Pak Gunawan mangkat menyang Bale Desa Wanasaba saperlu ketemu Pak Lurah. Bab kuwi ya kalebu piwulangan marang murid-muride. Piwulangan babagan birokrasi.


Sedhekah Dhukuh
Sedhekah dhukuh taun iki ora kaya taun-taun sadurunge. Sing biyasane mung slametan nang omah makam, taun iki Dhukuh Saba nganakake sedhekah dhukuh kagolong rada gedhe. Ora mung slametan lan mangan bareng sadhukuh nang omah makam, nanging ana hiburan keseniane barang.
Kejaba kuwi, ya pancen ngepasi ana tamu saka SD Internasional. Dadi sedhekah dhukuh taun iki disengkuyung sadesa Wanasaba. Bapak Camat rencanane ya arep rawuh sajrone sedhekahan.
“Wah, ya rame tenan mengko ya dhukuhe dhewe. Kejaba Pak Camat arep rawuh, kanca-kanca kene bisa tepungan karo bocah-bocah saka mancanagara,” mangkono tembunge Mita marang kanca-kancane.
Mai nim Krisna. Yor nim sapa?” Krisna banjur nyalami tangane Yani. Sing disalami terus ngipatake tangan. Kanca-kanca liyane padha nggeguyu. Ya, dudu Krisna arane yen ora clelekan.
Jaka Saba mung mesem. Banjur ngelingake kanca-kancane aja nganti lali marang gaweyane dhewe-dhewe. Yani, Sinta, karo Nur entuk bageyan ngajari dolanan. Mamad, Halim, lan Mita bageyan ngajari gawe dolanan saka godhong nangka lan gedebog. Dene Jaka lan Krisna ngajari kepiye carane numpak egrang.
Kejaba kuwi, mengko bocah-bocah Dhukuh Saba ya direwangi murid-murid saka SD Kanoman 1. Babagan ngajari nandur pari wis dipasrahake marang sing sepuh-sepuh. Sing mimpin Pak Gunawan, direwangi para sesepuh Dhukuh Saba. Klebu para ibu.
Titi wanci sing ditemtokake wis teka. Dhukuh Saba kawit saka gapura ngarepan dipasangi maneka warna umbul-umbul. Pas lawangan arep mlebu dhukuh dirias janur kuning dirowe-rowe. Saturute dalan mlebu Dhukuh Saba dipasangi lampion. Kuwi ndadekake asri lan nyenengake kanggone wong sing nyawang.
Nang platarane Pakdhe Lekan sing kerep dienggo dolanan bocah-bocah nalika ngepasi padhang bulan, saliyane didekake tarub, uga dipasangi senthir. Senthir kuwi saka gendul cilik-cilik sing wis ora kanggo. Mubeng ngebaki plataran. Ora kalah rame, jajanan saka asil bumi diler nang meja.
Esuk kuwi, watara jam setengah pitunan, bocah-bocah Dhukuh Saba, uga murid-murid klas IV SD Kanoman 1, wis padha siyaga. Bocah-bocah kuwi nggawa kenthongan, ngadeg jejer-jejer saurute dalanan mlebu dhukuh. Kawit gapura gerbange mlebu dhukuh nganti tekan platarane Pakdhe Lekan.
Yen manut layang saka SD Internasional, rencanane tekan papan panggonan sing arep kanggo outbonds jam wolunan. Nanging embuh kena apa, bocah-bocah Dhukuh Saba, uga murid-murid SD Kanoman 1, kok wis gasik tekan panggonan kono. Mbokmenawa gedhe pengarep-arepe ndang kepethuk kanca-kanca sapantaran sing akeh-akehe saka mancanagara.
“Kok suwe banget to? Jam pira to saiki?” pitakone Krisna marang Jaka Saba.
“Aku ora ngerti. Mbokmenawa kurang-luwih ya jam pitu seprapat,” wangsulane Jaka.
Pancen bener, sing jenenge wong ngenteni kuwi setengah jam rasane kaya setengah dina. Mangkono kurang-luwih apa sing dirasakake Krisna. “Aku pengin ndang ngucapke mai nim Krisna. Yor nim sapa?”
“Bubar kuwi ora ngucap maneh?” pitakone Jaka marang Krisna.
“La, terus ngucap apa?”
“Umpamane takon maneh, endi omahmu? Wis klas pira? Endi papan panggonane sekolahmu? Lan liya-liyane. Mosok mung tepungan thok?”
Krisna glagepan, terus cengangas-cengingis karo ngucap, “Iya ya. La, terus aku kudu kepiye?”
“Murid-murid SD Internasional wis diwulang basa Indonesia. Dadi kowe ora usah bingung. Nganggo basa kuwi wae, dheweke wis padha mudheng. Yen perlu malah kepara kanca-kanca saka SD Internasional luwih seneng yen mbokkenalake basane dhewe, yakuwi basa Jawa.”
Swara kenthongan wis keprungu, ngebaki saindhenging Dhukuh Saba. Warga dhukuh padha metu saka omahe dhewe-dhewe. Pengin melu atur pambagya. Rombongan saka SD Internasional mlaku dampyak-dampyak, kairing dening Bapak Camat Gunungpraja, Bapak Lurah Wanasaba, Pak RT Dukuh Saba, dalah Pak Gunawan, Wakil Kepala SD Kanoman 1. Saliyane murid-murid SD Internasional, uga ana guru-guru saka sekolah kuwi mau sing ngetutake rombongan. Mbokmenawa salah sijine kepala sekolahe. Yen ora ya wakile.
Murid-murid SD Internasional seneng banget meruhi kahanan ing Dhukuh Saba. Kahanan alame isih asri. Nang kiwa-tengene dalan isih akeh tanduran. Kejaba kuwi, wargane katon grapyak. Saben ketemu wong mesti kongkonan mampir.
Satemene ya kesel banget mlaku kawit gapura nganti papan panggonan sing dienggo upacara pambuka. Ya nang platarane Pakdhe Lekan. Adohe kira-kira ana yen limang atus meteran alias setengah kilo. Nanging kabeh mau ora dirasa nalika meruhi kahanan sing nengsemake.
Mbokmenawa sadurunge mangkat menyang Dhukuh Saba, nang sekolahan murid-murid kuwi mau wis digladhi dhisik. Dadi sadalan-dalan saben ketemu wong sing luwih tuwa, murid-murid SD Internasional mesem karo manthuk. Nanging yen karo bocah-bocah sapantarane mung dhadha-dhadha.
Rombongan SD Internasional dalah Bapak Camat Gunungpraja, Bapak Lurah Wanasaba, Pak RT Dhukuh Saba, Pak Gunawan wis padha lungguh nang krosi. Ora keri bocah-bocah, warga Dhukuh Saba, uga murid-murid SD Kanoman 1. Sarampunge atur pambagya, panata adicara, bapak sesepuh Dhukuh Saba, uga jlentrehake babagan nyadran. “Sapunika, mangga katuran para tamu kersa tindakan dhateng griya makam,” mengkono ature bapak sesepuh dhukuh.
Sarampunge sesepuh dhukuh ndonga, tumpeng sing ditata tharik-tharik sing isih ditutupi godhong dibukaki. “Plis, open,” tembunge Krisna marang salah sijine murid SD Internasional sing ana cedhake.
Sing diajak omong mudheng karepe, amarga Krisna uga nyontoni mbukak tumpeng. Sabanjure kanca-kancane padha tiru. Kawitane murid-murid SD Internasional rada kagok. Nang papan kono ora dicepaki sendhok. Kabeh mangane nganggo tangan utawa muluk.
Salah sijine guru SD Internasional weruh kahanan kaya mangkono mung mesam-mesem. Bocah-bocah Dhukuh Saba, uga murid-murid SD Kanoman 1, sing lungguhe cedhak murid-murid SD Internasional ora tega ndeleng kahanan kaya mangkono. Banjur alon-alon marahi carane mangan kanti muluk.

Rampung saka omah makam, para tamu bali nang platarane Pakdhe Lekan. Ibu-ibu sing kadhapuk dadi among tamu atur pambage ngrahapi jajanan asil bumi saha unjukan sing wis cemepak nang meja. Let sawetara wektu, Pak camat dan Pak Lurah sarombongan pamitan.
Sapungkure tamu agung padha kondur, Pak Gunawan atur dhawuh urut-urutane adicara outbonds. Sing sepisanan nandur pari nang sawah. Sarampunge kuwi, murid-murid SD Internasional diajari dolanan sing ana telung werna. Dolanan sing nganggo tembang, dolanan sing ora nganggo tembang, lan gawe dolanan.
Bocah sing cacahe ana sangalikur kabagi telung klompok. Saben saklompok mengko ana sing mandhegani.
Kawitane warga Dhukuh Saba rada ora percaya yen murid-murid kuwi mau padha gelem njegur nang sawah. Ndeleng lageyane, rata-rata katon mriyayeni. Nanging bareng wis tekan sawah, ora ana sing ngomandho, murid cacah sangalikur padha ciblon nang kalenan, ilen-ilen sawah. Warga dhukuh sing arep ngajari nandur pari nang sawah lagi percaya yen bocah-bocah kuwi pancen temenan arep sinau.
Pakdhe Samadi, sing kadhapuk mandhegani ngajari nandur pari, ngawiti kepiye tata carane nandur. “Nandur kuwi saka tembung nata mundur,” mangkono tembunge Pakdhe Samadi.
Praupane padha katon sumringah. Ora nggape awak sing pating clemot gupak lendhut. Kabeh kuwi mau kegawa hawa seneng. Panase srengenge ora rinasa. “Wis bedhug, ayo padha ngaso dhisik,” pambengoke Pakdhe Samadi.
Bocah-bocah sing lagi genaon nandur pari tanggap apa sing dikarepake. Banjur padha mentas saka sawah. “Jaka, kanca-kancane diajak nang sendhang,” ngendikane Pakdhe Samadi marang Jaka.
“Inggih, Pakdhe,” wangsulane Jaka cekak aos.
Sinau Gawe Dolanan
Bocah sapantaran mlaku thirik-thirik, urut galengan sawah. Kala-kala ana sing kepleset amarga galenge ciut tur lunyu. Satekane nang sendhang, ora lanang, ora wadon, padha ciblon. Hhmm…, segere.
Saiki awake wis katon resik kabeh. Sandhangane ya ora teles, uga ora gupak lendhut. Kabeh wis padha salin. Rampung mangan awan, murid-murid SD Internasional sing cacahe sangalikur kabagi dadi telung klompok: klompok rambutan, duren, lan manggis.
Yani, Sinta, karo Nur kabageyan ngajari dolanan sing ana tembange. Bocah-bocah kuwi ngajak klompok rambutan dolanan cublak-cublak suweng. Jaka lan Krisna ngajari klompok duren kepiye carane nganggo egrang. Dene Mamad, Halim, lan Mita ngajari klompok manggis gawe dolanan saka godhong nangka lan gedebog.
“Cublak-cublak suweng…,” mangkono carane Yani karo Nur ngajari nembang. Sing sabanjure ditirokake klompok rambutan.
Sawetara kuwi Sinta golek watuk cilik, sing arep dinggo gacuk. “Suwenge ting gelenter…“
Selarik mbaka selarik nganti pungkasane tembang. Nanging sing diajari rada kangelan anggone ngucapake. Yen rengeng-rengenge tembang wis padha bisa. Mung pangucapane sing rada kangelan.
“Kareben mengko yen bali saka Dhukuh Saba ora kelalen apike dicatet wae,” mangkono panjaluke Yani marang murid-murid SD Internasional sing gabung sajrone klompok rambutan.
“Kanca-kanca, aku nemu watu apik. Cilik, ireng, tur alus,” tembunge Sinta karo nyedhaki kanca-kancane sing lagi sinau nembang cublak-cublak suweng.
“Ya wis, saiki cah telu nyontoni kepiye carane dolanan,” panjaluke Nur.
Sarampunge diwarahi carane dolanan, klompok rambutan diajak dolanan bareng. Beda dolanan beda carane. Yen sing diajarake Jaka karo Krisna ora ana tembange. Nanging mbutuhake keprigelan, sabar, lan tlaten. Pancen bener, yen durung nate nganggo egrang, lagi bae ngancikake dlamakan sikil sakloron mesti tiba.
Nanging klompok duren ora bosen-bosene njajal. Kegawa gedhe pengarep-arepe bisa numpak egrang. Yen nonton Jaka karo Krisna mlaku nganggo egrang, ora ana wong sing ora pengin. Semono uga klompok duren. Direwangi tiba, babak bundhas, tetep padha ora kapok. “He, Jaka, Krisna, aku bisa!” pambengoke Daniel.
Dene klompok manggis sing kapisan diajari kepiye carane gawe kuluk saka godhong nangka sing isih ijo. Mamad, Halim, lan Mita ngajak klompok manggis nang tegalan saperlu golek godhong nangka lan gedebog.
Kena apa kok nganggo golek, ora kaya klompok liyane, sing kabeh wis dicawisake? Bab kuwi ngemu karep, yen dolanan kuwi ora kudu tuku utawa ngetokake ragad. Apamaneh nang sakiwa-tengene dhewe akeh samubarang sing bisa digawe dolanan. Kaya to kayu, watu, godhong, kerdus, muk, gendul sing wis ora kanggo.
Godhong nangka ditekuki siji-siji. Sing alus nang njaba. Sawetara godhong nangka sing tekukan wis cukup. Kira-kira cukup satlakupan sirahe dhewe-dhewe. Siji mbaka siji godhong kuwi digandheng utawa disambung-sambung. Nyambunge bisa nganggo steples. Nanging luwih becik nganggo biting sing wis dilancipi pucuke.
Mangkono kurang-luwih bocah-bocah Dhukuh Saba ngajari nggawe kuluk marang murid-murid SD Internasional. Sarampunge gawe kuluk saka godhong nangka, banjur diajari gawe jaran-jaranan lan bedhil-bedhilan saka gedebog.
Ora krasa wancine wis sore. Keprungu swara kenthongan. Rame banget. Dudu swara kenthongan saka rondan, mejid utawa langgar. Nanging saka platarane Pakdhe Lekan. Kuwi pratanda kanggo bocah-bocah yen wektune outbonds wis rampung.
Bocah-bocah akeh sing padha kegelan. Nanging kepiye maneh. Mesakake tamune yen baline kewengen. Ora watara suwe bocah-bocah wis padha nglumpuk nang platarane Pakdhe Lekan.
Pak Johan Susila minangka wakil saka SD Internasional ngaturake panuwun. Uatur panuwun kuwi kanggo sapa bae sing aweh pambiyantu saengga murid-muride bisa nganakake outbonds ing Dhukuh Saba kanti lancar ora ana alangan. Atur panuwun kususe katujokake marang bocah-bocah Dhukuh Saba lan murid-murid SD Kanoman 1. Bocah-bocah kuwi keraya-raya gelem ngancani murid-murid SD Internasional glepotan lendhut nang sawah, ciblon nang sendhang, tumekane gawe dolanan.
Jaka Saba minangka wakile murid-murid SD Kanoman 1 uga makili bocah-bocah Dhukuh Saba. Dheweke menehake kenang-kenangan marang tamune arupa egrang sing cacahe limang gandheng. Bab kuwi gawe bingunge Pak Johan. Sadurunge ora kepikiran yen arep ana srah-srahan tandha mata.
Sarampunge Jaka masrahake egrang marang Daniel, Pak Johan enggal-enggal nyedhaki sesepuh dhukuh. Banjur ngendika, “Kula minangka wakil saking sekolahan ngaturaken agenging pangapunten bilih saking sekolahan mboten kepikiran atur tandha mata dumateng warga saha lare-lare.”
Bapak sesepuh dhukuh mung mesem. “Nggih saderenge nyuwun ngapunten ugi, bilih para kadang, warga Dhukuh Saba, kirang sopan anggenipun nampi tamu,” mangkono ngendikane sesepuh dhukuh.
“Nanging kados punapa kemawon, kula bombong dumateng kadang-kadang wonten mriki, bilih ngantos sapunika samubarang mboten kaukur ngangge arta.”
Krungu tembunge sesepuh dhukuh kaya mengkono, Pak Johan rada lingsem. Pungkasane adicara, rombongan SD Internasional pamitan karo salaman mubeng marang murid-murid SD Kanoman 1, bocah-bocah, uga warga Dhukuh Saba.
Yani, Nur, Mita, Sinta ora krasa luhe ndlewer nang pipi. Pancen kerepe mangkono. Bocah-bocah kuwi saben ana tamu sing neka nang Dhukuh Saba, nalika padha pamitan, rasane kaya kelangan. Apa pancen mangkono watake bocah Dhukuh Saba? Nanging kabeh kuwi mau salah sijine watak manungsa sing seneng paseduluran
Nang njero bis cilik, sing ditumpaki rombongan SD Inernasional, ora keprungu swara cemluwite murid-murid. Ora kaya wektu mangkate esuk mau. Umyeke ngluwihi ramene pasar. Ana sing nyanyi-nyanyi, omong ngalor-ngidul, lan sapanunggalane.
Nanging embuh kena apa wektu bali kok katon sepi. Mbokmenawa isih kegawa rasa trenyuh. Yen ora ya wis padha kekeselen.
“Pak, badhe tangklet. Nyadran menika tegese punapa sami kalihan outbonds?” pitakone Daniel sing lungguh nang krosi mburine Pak Johan. Sanalika keprungu swara guyune bocah-bocah.
Sampun rumiyin ah.

Dongeng-Basajawa-Gaul-LaskarEgrang



Serial Jaka Saba

Laskar Egrang
dening: Widyo Babahe (mbah Wid)
Ing sapinggire kutha ana salah sawijine dhukuh kang aran Dhukuh Saba. Dhukuh kuwi kalebu wewengkone Gunungpraja. Bisa diarani ndesa, amarga ya pancen cedhak karo gunung. Diarani kutha ya pancen ora adoh saka kutha. Mula bener yen sinebut desa pinggiran.
Rikala jaman semana, dhukuh kuwi mau isih arupa alas gung liwang-liwung. Alas kuwi asring kanggo ngaso para warga sing arep mbebedhag. Utawa warga sing golek kayu menyang Gunung Alas. Suwene-suwe papan panggonan kuwi didegi gubug. Saderma kanggo leyeh-leyeh utawa ngeyub.
Ora nganti welasan tahun ing papan kono wis ngadeg puluhan gubug. Mesthi bae ora mung wong siji sing gawe gubug nang kono. Kejaba saka kuwi, gubuge uga kanggo nyimpen kayu asile saka alas. Utawa kanggo turu sabageyan warga sing kewengen utawa kekeselen saka Gunung Alas. Lagi mengko esuke kayu-kayu kuwi digawa bali menyang omahe dhewe-dhewe.
Ing sawijining wengi, nalika warga lagi ngaso nang gubug, ketamon pawongan. Ora dingertine saka ngendi sangkan parane pawongan kuwi. Tekane pancen ora nyalawadi. Nanging ndadekake kagete warga sing lagi ngaso.
Bareng tetepungan, pawongan kuwi ngaku duwe jeneng Saba Wasesa. Dheweke nembung arep nunut turu ora ketang mung sewengi nang gubug kono.
“Sedulur-sedulur, piye yen Sedulur Saba Wasesa kita pasrahi njaga kayu ning gubug kene? Dadi awake dhewe ora susah-susah nginep,” mangkono usule salah sawijining warga ing wengi kang tintrim.
Usul kuwi mau disarujuki dening warga liyane. Sawise kuwi, saben warga kewengen ora ana sing nginep nang gubug-gubug kuwi. Amarga saiki wis ana sing njaga, yakuwi Saba Wasesa.
Wis welasan tahun Saba Wasesa urip dhewekan nang alas kono. Saben dina mangane dikirimi warga sing padha titip kayu. Suwe-suwe Saba Wasesa rumangsa ora kepenak. Mosok urip nggantungake marang liyan.
Mula sithik mbaka sithik dheweke nandur wit-witan. Dheweke nandur wit sing bisa dipangan ing sakiwa-tengene gubug-gubug kuwi. Wit-witan sing ditandur antarane tela, gembili, uwi, ganyong, lan gedhang.
Warga mangerteni asil tandurane Wasesa luwih apik lan lumayan. Nuli akeh sing melu-melu nandur ing papan kono. Saya suwe warga padha gawe omah nang alas kono. Sing maune arupa gubug, saiki digedhekake dadi omah.
Kedadeyan kuwi wis atusan taun kepungkur. Mula kanggo ngeling-eling riwayat kuwi, dhukuh kono diarani Dhukuh Saba Wasesa. Supaya anak-putu ora kelalen perjuangane cikal bakal sing manggon ing papan kono. Nganti seprene dhukuh kuwi sinebut Dhukuh Saba. Gunung Alas sing isih kebak tanduran wit jati sinebut Gunungpraja.


Critane Jaka Saba
Saiki beda critane. Ing Dhukuh Saba ana bocah lanang cilik kang aran Jaka Saba. Bisa diarani Jaka Saba amarga pancen dheweke jaka sing papan panggone ning Dhukuh Saba. Nanging sing baku karanan Jaka Saba amarga bocah lanang kuwi mau ora tau nang omah alias dolan utawa saba terus.
Pancen Jaka Saba ora kaya bocah sapantarane. Kadhang bali saka sekolah ora bali omah dhisik. Embuh dolan nang ngendi wae. Nate nganti sore ya durung bali. Ibune nganti bingung nggoleki. Ditakonake marang sapa bae padha ora ngerti nang ngendi dolane Jaka. Jebul ketemu turu angler nang gubug sawahe Mbah Safi’i.
Liya dina ya mengkono maneh. Gawe bingung wong tuwane. Bali saka sekolah tase diselehake nang emperan, terus mlajar embuh nang endi. Nganti bar magrib ya durung ketok irunge.
“Le, yen dolan ki mbok ya omong. Dadi Ibu ora bingung nggoleki,” mangkono dhawuhe ibune Jaka ing sawijining dina.
Sing dikandani ora patiya ngrewes. Malah pringas-pringis.
“Persis kaya bapake, yen diomongi ora nggatekake sing omong.”
Nanging Jaka ora kaya sabaene kanca sapantaran. Dheweke luwih prigel. Ing atase bocah lagi klas IV SD wis bisa nggraji, malu, lan ngethok pring. Bisa gawe dolanan dhewe, kaya montor-montoran saka kulit jeruk bali, bedhil-bedhilan saka gedebog. Malah kepara bisa gawe egrang dhewe. Mula ora mokal yen Jaka prigel dolanan egrang.
“Jaka, aku mbok ya nyilih egrange lan diwarahi carane numpak egrang. Jare kowe duwe egrang nang omah,” mangkono panjaluke Bono, kanca sekolahe sing omahe seje desa.
“Yen gelem, mengko bali sekolah nang omahku. Ora mung takwarahi piye carane numpak, nanging takwarahi carane gawe egrang barang.”
Jaka pancen klebu bocah sing seneng srawung. Dadi nang endi papan panggonan, kancane ya akeh. Ora mung nang Dhukuh Saba. Warga desa sakiwa-tengene ya padha kenal Jaka.
Kabeh pafdha ngerti yen Jaka gawene nganggo egrang. Apamaneh Jaka asring ngalor-ngidul karo Bono, mlaku numpak egrang. Bocah lanang sapantarane padha kepengin diajari gawe egrang. Ora ana sesasi bocah-bocah sing padha diajari Jaka kuwi mau wis padha bisa dolanan egrang.
Saiki ora ana bocah lanang padha playonan. Ngaso sekolah, sing katon mung bocah lanang padha mlaku-mlaku nganggo egrang. Nganti bocah-bocah wadon nesu. Amarga ora ana plataran sing dienggo gawe dolanan sundhah-mandhah.
“Mbok iya bocah-bocah lanang dolanane egrang nang sisih wetan kana. Kene ben dienggo dolanan bocah-bocah wadon,” panjaluke Rumi marang bocah-bocah sing lagi dolanan egrang.
Dina Senen, sarampunge upacara, Ibu Kepala Sekolah ngumumake yen Senin ngarep wis kawiwitan lomba. Lomba-lomba kuwi kanggo mengeti Dina Kamardikaan utawa Agustusan. Salah sijine lomba yakuwi balapan egrang.
Sanalika bocah-bocah lanang padha keplok-keplok. Bungah banget. Nanging Jaka Saba mung ndhiluk, rada sedhih. Embuh ana apa.
“Jaka, kowe kok ketok sedhih ana apa? Kudune kowe sing paling seneng amarga lagi iki nang sekolahane dhewe dianakake lomba egrang. Tur kowe mesti menang,” ujare Bono marang Jaka nang klas, sarampunge upacara.
Nanging sing ditakoni mung meneng wae. Malah kepara arep nangis. “Lo, kok malah arep nangis? Jare jago kok nangisan ki piye?”
Jaka ora sida nangis. Amarga ora let suwe kanca-kanca liyane padha mlebu klas nyedhaki Jaka lan Bono. Dana, Toto, Marjuki sumringah lan bombong amarga manteb yen sing menang mengko bakale Jaka. Nanging bareng ngerti yen Jaka katon suntrut, bocah-bocah kuwi mau mlenggong. Apa sakjane sing ana pikirane Jaka?
“Bono, Dana, Toto, lan kowe Marjuki. Aku titip ya, aja nganti klase dhewe kalah,” mangkono tembunge Jaka rada alon marang kanca-kancane.
“Lo, ana apa ta kok kowe ora melu?” pitakone Dana rada kaget.
“Embuh, aku ora weruh. Bapak Wali Klas mau dhawuh, aku ora entuk melu lomba. Aku dianggep ora pantes melu.”
“La, terus alasane apa kok ora entuk melu?” pambengoke kanca-kancane Jaka meh bebarengan.
“Embuh. Aku ora ngerti,” jawabe Jaka cekak.

Njeguguk Ana Omah
“Le, kok ora mangkat sekolah to? Prei pa sekolahe? Apa guru-gurune padha rapat?” pitakone ibune Jaka.
“Ora kok, Bu,” wangsulane Jaka cekak.
“La, kok ora sekolah? Mengko didukani maneh lo karo Bapak Wali Klas.”
“Ora apa-apa kok. Dina iki bebas. Ora ana pelajaran. Mung lomba-lomba.”
“La, kowe apa ora pengin melu lomba?”
Sing ditakoni ora wangsulan.
“Yen ngono ya wis, ngrewangi Ibu wae nang omah. Ora usah dolan. Kae pitike pakani. Yen nang petarangan ana ndhoge, ya jupuk. Terus deleh nang panci ndhuwur rak. Yen gelem ya saponi kandhange ben ketok resik. Ibu tak menyang pasar dhisik. Dodolan nangka sing wingenane diundhuh bapakmu saka kebon. Ketoke kok wis sang-seng sang-seng. Mbokmenawa wis mateng nangkane. Ya, lumayan to bisa kanggo imbuh-imbuh blanja.”
Ora ngenteni wangsulan, ibune Jaka jumangkah nang pawonan. Ibune Jaka njupuk dhunak kanggo wadhah nangka.
Dina kuwi Jaka ora kaya adat sabene. Bocah sing biyasane katon sumringah lan ora betah nang omah, dina kuwi njegugug nang omah bae.
Bubar makani pitik lan nyapu kandhang, Jaka mung lungguhan nang emperan omah. Biyasane tangane gatel yen ora candhak-candhak, mbuh kuwi bendho, graji, utawa palu. Nanging dina kuwi mung lungguhan karo dheleg-dheleg. Pikirane nglambrang tekan sekolahan. Mbayangake kanca-kancane sing lagi lomba balapan egrang.
Bono, Toto, Dana, Marjuki mesthi padha sigrak ngobahake egrang. Kala-kala Jaka ya katon mesem. “Mesthi menang, mesthi juwara. Embuh kuwi Bono, Toto, utawa Marjuki,” mangkono kurang-luwih sing ana pikirane Jaka. “Yen Toto, aku ora yakin. Kadhang kancaku siji kuwi sembrana. Ngenthengake liyan,” batine Jaka.

Lomba Telung Warna
“Prit… priit… priiit!” Pak Supiyanto, guru olah raga, nyebul sempritan kaping telu. Tanda lomba kawiwitan. Sadurunge Pak Suiyanto maringi katrangan jinis lomba sing arep dianakake lan tata carane lomba.
Lomba egrang kabagi ana telung warna. Kaping pisan, balapan egrang utawa cepet-cepetan mlaku nganggo egrang. Adohe antarane 12 meteran, sadawane lapangan poli.
Sing kaping lorone estapet. Kudu duwe klompok, sing cacahe bocah papat. Lan sing kaping telune, sing paling dienteni, yakuwi balapan mangan krupuk nganggo egrang.
Dene tata carane sing kapisan, yakuwi balapan egrang, kaya balapan mlayu 100 meter. Ora kena nyenggol liyan lan liya-liyane. Saangkatan sing diayahi ana bocah papat nganti nenem. Dijupuk bocah loro sing paling cepet.
Babagan kuwi kang diarani babak penyisihan. Bocah loro sing paling cepet kuwi diadu maneh nang babak sadurunge pinal. Nang babak sadurunge pinal dijupuk mung bocah siji saben saangkatane. Lan pungkasane kang diarani babak pinal. Yakuwi babak sing nemtokake sapa sing bakal dadi juwarane. Sadurunge sempritan disebul, salah siji sikile, embuh kuwi sikil tengen utawa kiwa, ora entuk dipancikake nang pancikane egrang.
Dene tata cara sing kaping pindho, yakuwi estapet egrang. Lomba sing siji iki beda karo sadurunge. Estapet kudu klompok utawa regu. Sing saben saklompoke ana limang bocah cacahe. Nang lomba estapet ana kalonggaran. Yen nang balapan, ana bocah sing tiba utawa uwal saka egrange dinyatakake gugur. Nanging nang estapet, mbokmenawa ana sing tiba utawa uwal saka egrange ora apa-apa alias oleh mbacutake.
Kejaba saka kuwi, estapet langsung pinal. Tegese ora ana penyisihan. Dadi sing nemtokake juwara lan orane ya saka cepet lan suwene anggone ngayahi jejibahan. Kuwi kaukur dening menitane setopwat.
Sing pungkasan, lomba egrang sing paling seru, yakuwi lomba mangan krupuk nganggo egrang. Krupuk-krupuk sing digandhul-gandhulake nganggo benang sadurunge ditata pas tutuke sing arep ngayahi lomba. Tata carane ora beda karo lomba mangan krupuk sing kaya adate. Cepet-cepetan ngentekake krupuk sing digandhul-gandhulake.
Mung bedane, yen lomba iki sapa bae sing tiba utawa uwal saka egrang dinyatakake gugur. Lomba iki kaya sing kapisanan. SSaangkatan dipilih bocah loro. Mengkone diadu nang babak pinal.
Mangkono dhawuhe Pak Supiyanto, guru olahraga, sadurunge lomba kawiwitan. Pak Supiyanto anggone dadi wasit ora dhewekan. Direwangi guru liya, antarane Pak Slamet, Pak Joko, Bu Endang, Bu Siti, lan Bu Umi.
Bapak lan ibu guru kuwi mau ngrewangi dadi juru cathet. Nyatheti pirang menit wektune anggone mlaku nganggo egrang. Piranti sing dienggo mangerteni pirang menit wektune arane setopwat.
Bocah lima ngadeg jejer-jejer nang garis start. Tangane nyekethem gagang egrange dhewe-dhewe. Bono, Rudi, Santo, Duwi, lan Teguh. Lima-limane durung ana sing munggah nang egrange. Swara keplok-keploke murid-murid sing padha ndelok gawe ramene swasana.
Keprungu swara sempritan disebul. Tanda lomba kawiwitan. Bocah lima kuwi enggal-enggal munggah nang egrange dhewe-dhewe, banjur jumangkah. Mung Teguh sing kurang setiti. Mbokmenawa rada kesusu, apa embuh pancen nggreweli. Dheweke lagi bae ngunggahake sikile sing tengen nang pancikan egrang, dumadakan kepleset. Nanging ora dianggep gugur. Amarga dheweke durung jumangkah nang sajrone lapangan.
Durung nganti tekan tengah, Duwi wis tiba utawa uwal saka egrange. Telung jangkah sabacute, genti Santo melu-melu tiba. Saiki sing isih nangkring sandhuwure egrang mung kari Teguh, Bono, lan Rudi.
Keploke murid-murid sing padha ndelok tambah seru. Ana sing njerit-njerit, nyebut jenenge Teguh. Karepe ben sing dijeriti tambah bregas. Nanging malah dadi sawalike. Mbokmenawa ya amarga malah nggregeli, kesusu-susu, ora let suwe Teguh tiba. Kamangka dheweke wis nang ngarep dhewe. Kira-kira kurang patang jangkahan maneh wis tekan garis pinis.
Ya pancen durung rejekine Teguh mbokmenawa. Mangkono jarene wong-wong tuwa yen ngendika. Nanging iki lomba, adu kabisan, keprigelan, lan mental. Dadi kurang pener yen diarani adu kabegjan.
Babak penyisihan wis rampung. Bocah cacah patang puluh loro saiki kari rongpuluh sing bakale maju sadurunge pinal. Sabanjure mengkone mung kari lima sing dipilih nang pinal.
Pak Supiyanto nyebul sempritan kaping telu. Banjur ngendika ngaso dhisik. Bapak-ibu guru arep ngrembug sapa bae mengkone sing mlebu nang babak pinal.
Durung mesti sing nang ngarep dhewe utawa sing dhisik tekan garis pinal dipestekake katut. Mbokmenawa ana sing ora ngugemi tata cara. Mula perlu anane rembugan.
Wah, ya mesti bae padha dheg-dhegan. La wong ya akeh sing padha nyalahi aturan. Embuh kuwi njarak utawa ora. Umpamane nalika wis mlaku, ana sing padha sesenggolan siji lan sijine. Sing satemene kuwi mau jane ya arep tiba. Nanging jaga-jaga supaya ora dadi tiba sing ndadekake mlakune rada gloyoran.
Babagan ngono kuwi mau ya mesti bae mlakune ora lempeng. Yen ndilalah sakiwa-tengene ana bocah liya, ya mesti bae sesenggolan.
“Wadhuh, piye ya kuwi mau? Aku ora njarak nyenggol Budi sing ndadekake dheweke tiba,” mengkono gremengane Dana. Wektu lomba mau meh bae dheweke tiba, banjur jaga-jaga.
“Wis, ora sah dipikir nemen-nemen. Bapak-ibu guru luwih waspadha tinimbang awake dhewe,” Bono ngeyem-ngeyemi.
Pak Supiyanto maju nang tengah lapangan, banjur nyebul sempritane sing mendelep nang tutuke. Rampung nyebul banjur ngendika. “Wara-wara. Sing mlebu nang babak pinal yakuwi…,” Pak Supiyanto ngandheg dhawuhe. Kuwi ndadekake bocah-bocah tambah dheg-dhegan.
“Piye to Pak Pi kuwi? Ora nggenah,” panggremenge Dana.
“Heh, aja ngono karo Pak Guru. Ora apik,” tembunge Bono ngelingake kancane.
“La wis ora ndang diumumake,” Dana mbacutake tembunge.
“Pancen digawe ngono ben luwih seru.”
“Yakuwi… Bono, Rudi, Marjuki, Ngatmin, laaaan…,” sepisan maneh Pak Supiyanto ngandheg dhawuhe.
Bono lan Marjuki sing kawit mau ngumpul, lungguh jejeran karo Dana, saiki melu-melu dheg-dhegan. Bocah telu padha gegandhengan kenceng. Luwih-luwih Dana sing durung kasebut jenenge. Bisane mung ndhiluk lan sithik-sithik unjal ambegan landhung. Mbokmenawa sajroning batin nesu-nesu karo guru olah ragane siji kuwi.
“Dana!“ pambengoke Pak Supiyanto sing gawe kagete atine Dana.
Sanalika bocah telu lunjak-lunjak nandhakake bungahe.

Pinal Lomba Egrang
Saiki sing angel diatur malah sing padha ndelok. Meh kabeh murid SD Kanoman 1 tumplek-bleg nang tengahe lapangan ngarep sekolahan. Uyel-uyelan padha rebutan golek papan panggonan ngarep dhewe.
Kepeksa Pak Supiyanto nata dhisik. “Sing padha ndelok mundur limang jangkah. Banjur patang mbaris sing nang ngarep lungguh utawa ndhodok ben sing nang mburi bisa melu ndeleng.”
Ora ana bocah sing ora manut. Kabeh ngugemi apa sing didhawuhake Pak Supiyanto. Sabanjure bocah lima sing mlebu pinal nata awake dhewe-dhewe nang samburine garis start.
Keprungu swara sempritan disebul. Tanda lomba kawiwitan. Bocah lima kuwi enggal-enggal munggah nang egrange dhewe-dhewe, banjur jumangkah. Ora kaya sadurunge, mbokmenawa amarga sing ndelok luwih rame, lagi entuk telung jangkahan Ngatmin sempoyongan. Dheweke banjur tiba, egrange uwal.
Saiki mung kari bocah papat. Mbokmenawa padha kaya sing dirasakake Ngatmin, jangkahe bocah papat ora kaya mau nalika babak penyisihan. Saiki rada rendhet lakune. Kabeh padha ngati-ati kuwatir yen tiba lan sesenggolan karo kiwa utawa tengene.
Kuwi mau malah gawe swasana tambah geger. Keploke sing padha ndelok luwih banter. Sajangkah mbaka sajangkah bocah papat pet-petan anggone lumaku. Rapet banget. Yen ora tliti banget, ya angel anggone nemtokake sapa sing bakal juwara.
Bener, nalika padha tekan garis pinis, katone yen disawang mripat saklebatan bocah papat bisa diarani bareng. Mung Dana dhewe sing katon cetha wela-wela sing paling mburi. Nanging Bono, Marjuki, uga Rudi angel diarani salah sijine sing paling dhisik.
          “Priiit!” Keprungu swara sempritane Pak Supiyanto. Swara kuwi disusul keploke murid-murid sing padha ndelok. Bapak lan ibu guru sing dadi juru cathet mlaku nyedhaki Pak Supiyanto. Guru cacah lima padha rembugan, nemtokake sing dadi juwara.
Sawetara Bono, Marjuki, Rudi, lan Dana lungguh ngglesot nang suketan, cedhak garis pinis. Dana ora katon pucet lan krasa dheg-dhegan kaya sadurunge. Dheweke wis nyadhari yen kalah. Nanging ya isih lumayan. Isih kagolong mlebu juwara harapan I.
Durung ana pitung menit, Pak Supiyanto nyebul sempritane maneh. Bocah-bocah sing sadurunge umyek, ngomong dhewe-dhewe, kaya kena gendham, cep-klakep meneng kabeh.
“Dana, juara siji…, harapan!” dhawuhe Pak Supiyanto rada nglucu. Sing krungu sanalika ngguyu bareng, tanpa ana sing ngabani. “Juwara telu Marjuki. Juara loro Rudi. Dene juwara sijine Bono.”
Sepisan maneh keprungu swara keploke murid-murid sing padha ngenteni sapa sing dadi juwarane.
          “Saiki padha nang njaba lapangan kabeh. Kana, lungguhan nang emperan klas. Entuk ngetokake krosi. Nanging mengko yen wis rampung, balekake nang njero klas maneh,” ature Pak Gunawan, wakil kepala sekolah bagian kesiswaan.
Makbrul, kaya tawon mudhal saka omahe, bocah-bocah padha cepet-cepetan mlebu klas. Dhisik-dhisikan ngetokake krosi saperlu bisa manggon nang ngarep.


Kabeh Dadi Juwara
“Lomba sing kaping pindho, yakuwi estapet. Wis padha mudheng kabeh to tata carane estapet?” Pak Gunawan ndangu bocah-bocah sing arep melu lomba.
“Sampun, Pak!” wangsulane bocah-bocah bareng.
“Mengko mubeng lapangan poli. Ora kena midak garis lapangan. Gandheng sing ana mung limang klompok, dadi majune saklompok-saklompok bae. Start-e padha kaya balap egrang. Bedane, kancane sing bakal nampa tongkat estapet kapisanan kudu wis nangkring sanduwure pancikan egrang. Tegese, nalika nampa tongkat kudu padha-padha nang pancikan egrang. Kanca liyane entuk ora nangkring. Nanging nalika giliran arep nampa kudu wis nangkring sandhuwure pancikan,” mengkono ngendikane Pak Gun rada dawa. “Ana sing arep takon?”
Rudi banjur ngacungake tangane. “Ingkang boten saking start manggen tengene gendera-gendera kuning sing dicublekake niku nggih, Pak?”
“Bener! Gendera kuning sing dicublekake siji karo sijine adohe watara sangang meteran,” wangsulane Pak Gun.
          Bono sakanca kaget. Bubar dikopyok, linthingan dluwang metu. Bareng dibukak sing kapisanan katulis jenenge Bono. Tegese klompoke Bono sing maju kapisanan. Banjur dibacutake klompoke Ngatmin, Rudi, Bambang. Sing keri dhewe klompoke Budi.
          Wah, jan angel tenan. Ora ana siji-sijia klompok sing ora tiba. Embuh kuwi sing tiba bocahe, utawa tongkat estapete. Rata-rata olehe padha tiba nalika ulung-ulungan tongkat estapet. Ana sing nang gendera kapindho, ana sing nang gendera katelu, lan liyane.
Pak Gunawan sing dadi wasit bingung. Yen ngono ora ana sing dadi juwara? Mbokmenawa mangkono kurang-luwih sing dadi penggalihe Pak Gunawan. Banjur bapak-ibu guru sing ngrewangi dikumpulake, saperlu rembugan. Pancen rada suwe anggone rembugan. Sing baku, lomba estapet aja nganti ora kaleksanan amarga ora ana juwarane. Mundhak ndadekake gelane bocah-bocah. Wis kadhung padha gladhi dhewe-dhewe, mesakake yen wurung.
Mula tata carane kudu digawe luwih entheng. Sarampunge bapak-ibu guru padha rembugan, Pak Gun ngendika, “Saiki tata carane diowahi. Digawe sing rada gampang wae, ben kabeh bisa ngayahi lomba.”
Sanalika murid-murid padha keplok-keplok, tandha bungah.
“Nalika ulung-ulungan tongat estapet, sing ngulungake apadene sing nampa entuk nang lemah utawa medhun saka egrange.”
Sepisan maneh, bocah-bocah padha keplok. Kapara luwih seru tinimbang sadurunge. Pungkasane, estapet egrang kaleksanan kanti lancar. Dene sing dadi juara siji klompoke Bono, juwara loro klompoke Rudi, lan juwara telu klompoke Ngatmin. Dene klompoke Bambang lan Budi juwara harapan siji lan loro.
Ora ana sing ora juwara. Kabeh klompok juwara. Babagan kuwi pancen disengaja supaya bocah-bocah bombong. Kuwi ngemu karep supaya dolanan egrang tetep lestari.
          Wewara babagan klompoke sapa bae sing menang sajrone lomba estapet egrang wis rampung. Pak Slamet dalah Pak Joko banjur mantheng benang kasur nang cagak lapangan poli. Benang kuwi saperlu kanggo nggandhulake krupuk sing bakal kanggo lomba.
Tata carane padha karo lomba mangan krupuk. Nanging yen medhun utawa tiba saka egrange kalah utawa ora menang. Nang babak penyisihan mung dijupuk siji, yakuwi sing paling cepet ngentekake krupuke.
“Priiit!” Pak Joko nyebul sempritan, tanda miwiti lomba.
Bocah lima sing pisanan maju, yakuwi Toto, Marjuki, Sarjo, Hartono, lan Topa. Nalika keprungu swara sempritan, sanalika bocah lima kuwi mau cepet-cepet munggah nang pancikan egrange. Banjur nyedhaki krupuk sing gemandhul.
Makkriyuk, krupuk kakremus untu. Sithik mbaka sithik krupuk sing gemandhul katon luwih cilik. Kriyuk, kriyuk, kres, krupuke Hartono wis entek dhisik. Ya mesti wae Hartono sing mengkone maju nang babak sabanjure.
Swara sempritan keprungu maneh. Babak penyisihan kaping loro kawiwitan. Lan sateruse, nganti pungkasane ditemtokake sing katut nang babak pinal ana bocah pitu, yakuwi Hartono, Budi, Dana, Rudi, Ngatmin, Bono, lan Bambang.
          Babak pinal jan babak sing paling seru. Bocah pitu kuwi pancen pilihan. Ora kaya babak sadurunge, sing lagi wae sacokotan-telung cokotan wis padha tiba saka egrange. Nanging saiki beda. Nganti rampung durung ana sing tiba, medhun saka egrange.
Murid-murid sing ndelok tambah rame keploke. Semono uga bapak-ibu guru sing ngayahi juru cathet. Karo nggegem setopwat ngematake banget krupuk nang tutuke bocah sing lagi melu lomba.
          Lomba mangan krupuk nganggo egrang wis rampung. Bapak-ibu guru rembugan. Sarampunge rembugan, Pak Joko mlaku nang tengahe lapangan poli.
Pak Joko banjur ngendika rada sora, “Lomba sing pungkasan iki juwarane paling akeh tinimbang lomba-lomba sadurunge. Sabab akeh sing wektune padha nalika ngentekake krupuk. Bocah cacah pitu sing mlebu pinal entuk juwara kabeh!”
Murid-murid padha keplok-keplok. Banjur Pak Joko nerusake ngendikane, “Rudi juwara siji. Dana lan Hartono juwara loro. Bono juwara telu. Ngatmin lan Budi harapan siji. Dene Bambang juwara harapan loro. Bebungahe para juwara dibagekake suk Senen, sarampunge upacara.”


Bebungah kanggo Putra Kinasih
          Sore kuwi, bubar adus Jaka Saba ora nang endi-endi. Ora kaya saben adate. Angger rampung adus, wis ora ketok irunge. Kadhang-kadhang ya nganti bar isak durung bali. Nanging embuh kena apa, sore kuwi luwih seneng nang omah.
“Eee… kok kadingaren, anakku lanang bar adus nang omah? Mesthi ana apa-apa iki,” tembunge biyunge Jaka mbeda.
“Make ki ya ngapa to,” semaure rada sengol.
“Ya, uwis yen ngono. Aku malah seneng yen nang omah. Idhep-edhep ngancani Make.”
Banjur biyunge Jaka mlebu nang senthong. Sawetara Jaka isih lungguhan nang krosi ruwang tengah. Sepisan maneh pikirane ngumbara. Kelingan bala-balane. Bono, Toto, Marjuki, lan Dana. Kala-kala mripate nglirik nang pojokan. Persis mburi lawang ana egrang semendhe. Nganti nyedhaki magrib kok durung ana siji-sijia balane sing dolan. Mangkono mbokmenawa pangarep-arepe. Apa ana sing kangsenan yen sore iki arep padha dolan? O iya, kabeh kuwi mau mung pengarep-arep.
          Dina Senen, ngepasi tanggal pitulas. SD Kanoman 1 nganakake upacara gendera nang plataran sekolahan. Pungkasane upacara, Pak Supiyanto ngundangi bocah-bocah sing wingi menang lomba. Ya lomba balap egrang, estapet, lan mangan krupuk nganggo egrang.
Pak Gunawan sing mbagekake bebungah. Sajrone Pak Gunawan mbagekake bebungah, Jaka Saba mung ndhingkluk wae. Nang njero atine ana rasa seneng amarga bala-balane akeh sing dadi juwara. Nanging ya ana rasa sedhih amarga dheweke ora entuk melu lomba. Ora ketang sithik, Jaka Saba ya duwe rasa sengit marang Pak Gunawan amarga dheweke ora dikeparengake melu lomba.
Rampung srah-srahan bebungah, Pak Gunawan nyandhak mik, sabanjure ngendika, “Kabeh bebungah wis dipasrahake marang para juwara lomba. Nanging isih ana siji sing durung dipasrahake.” Pak Gunawan ngandheg ngendikane rada sawetara.
Murid-murid SD Kanoman 1 sing isih ngadek nang tengahe plataran sekolahan padha thingak-thinguk. Ngeling-eling sapa ya kira-kira sing durung nampa bebungah?
“Kula aturi Ibu Kepala Sekolah ingkang maringaken bebungah punika marang putra kinasih,” mangkono Pak Gun nerusake ature.
Ibu Kepala Sekolah banjur mlangkah, banjur jumeneng cedhak cagak gendera. “Bebungah sing siji iki kapasrahake marang putra kinasih. Dene putra kasebut melu cawe-cawe lan ngrembakakake egrang nang SD Kanoman 1 sing kita tresnani,” sepisan maneh Pak Gunawan mandheg anggone ngendika.
Murid-murid sing ngenteni tambah gregeten, gemes, mangkel, dheg-dhegan, campur dadi siji. “Sapa putra kinasih kuwi mau? Ora liya ya putraku sing bagus dhewe kang aran Jaka Saba!”
Sanalika bala-balane Jaka njerit banter karo lunjak-lunjak tandha suka. Jaka Saba dikekep, disikep kenceng banget dening bala-balane. Banget bungahe bocah lima, yakuwi Bono, Jaka, Dana, Toto, lan Marjuki, ora krasa luhe mili, dleweran nang pipi.
          Jaka Saba dibopong bala-balane maju. Klebu Rudi, ketua klas, ya melu mbopong. Bareng wis cedhak karo cagak gendera, Jaka diudhunake. Sing mbopong banjur bali nang panggonan kawitan.
Nanging lagi sajangkah, dipenggak dene Ibu Kepala Sekolah. “Wis, ora usah bali nang barisan. Ngadek jejer-jejer nang mburine Jaka.”
Sabanjure Ibu Kepala Sekolah masrahake bebungah marang Jaka Saba. “Putra-putriku kabeh. Kawit dina iki klompoke Jaka Saba, Ibu jenengake Laskar Egrang!” mangkono ngendikane Ibu Kepala Sekolah.
Bocah-bocah sasekolahan padha keplok-keplok. Malah kepara ana sing suwit-suwit. Rame banget.

Sampun rumiyin, nggiiih!