Serial Jaka Saba :
Macan Mberung
Dening : Widyo Babahe Leksono
Serial Jaka Saba : Macan
Mberung
Hak Cipta © Penulis
Penulis : Widya Babahe Leksono
Layout : Bayu Sabtaji
Editor :
Ilustrasi
Dalam :
Deni Supadmo
Desain
Cover : Bayu Tambeng
Layout
Cover : Bayu Sabtaji
Cetakan
Pertama Juli 2014
Diterbitkan secara Independen oleh
penulisnya.
Grenengane sing Nulis
Sing takkarepake ora
neka-neka. Aku mung kepengin kepiye carane bocah-bocah saiki bisa lan gelem
migunakake basa Jawa. Migunakake basa Jawa sajroning caturan utawa
omong-omongan karo bocah sapantaran utawa kluwarga ing saben dinane.
Sapa sing arep disalahake yen bocah-bocah saiki padha ora bisa lan ora
gelem migunakake basa Jawa? Yen kita mung eyel-eyel bab kuwi, takkira ora bakal
ana karampungane. Siji lan sijine tansah bakal tuding-tudingan,
salah-sinalahan.
Mula, ayo bebarengan padha tumandang gawe. Ngupaya kepiye carane
bocah-bocah padha bisa lan gelem migunakake basa Jawa sajroning sesrawungan.
Buku crita basa Jawa iki taktulis minangka srana murih nglanyahake lan
ngulinakake bocah nalika migunakake basa Jawa. Saora-orane bisa mangerteni lan
gelem nyoba. Uga mangerteni kepiye carane ngucapake tembung-tembung basa Jawa.
Mbokmenawa yen bocah-bocah gelem maca buku iki, akeh-sithike bisa kenal ukara
sing sadurunge ora tau rinungu lan kinucapake.
Buku crita basa Jawa sing taktutis iki pancen isih adoh saka kasampurnan.
Mula aku duwe pengarep-arep, para maos suka paring kritik lan saran. Saengga, saget migunani tumrap sapa wae sing isih duwe kekarepan sinau lan memetri basa Jawa.
Nuwun.
Gebyog,
Juli 2014
Widya Babahe Leksono
Macan Mberung
Dudu Jaka Saba arane
yen ora kluyuran tekan saparan-paran. Sing ditiru embuh sapa. Apa Bolang sing digiyarake
telepisi kae? Bolang utawa bocah petualang ngono saderma reka-rekane sing gawe
giyaran. Kareben bocah-bocah cilik sing nonton telepisi ngerti babagan kahanan
alam lan lingkungane.
Nanging trumprape wong Dhukuh Saba, Bolang diartekake bocah ilang alias
bocah sing ora tau nang omah. Mbokmenawa kanggone Jaka luwih trep karo sing
keri kuwi. Bocah ilang, sing tegese bocah sing senenge kluyuran utawa dolan.
Babagan kuwi ora perlu banget-banget didadekake rembug sing wigati.
Bakune, Jaka Saba kejaba bocah sing senenge saba alias dolan utawa kluyuran,
uga duwe kaprigelan gawe dolanan dhewe. Seneng tetulung lan gampang srawung.
Mula ora maido yen balane utawa kancane ana nang endi-endi enggon alias akeh.
Saben dina Minggu utawa ngepasi
sekolah prei, wis bisa dipesthekake Jaka Saba ora nang omah. Contone dina Kemis
wingi. Mbeneri mengeti dina Imlek utawa tanggalane abang, ya sekolah prei. Wis
samesthine ora bakal ketemu
yen nggoleki Jaka nang omah.
“Wingi kowe nang ndi? Tak parani
nang omahmu kok ora ana?” pitakone Bono nalika dina Jemuah wayah ngaso sekolah.
“Aku nang sawah karo kanca-kanca. Golek keong,” wangsulane Jaka.
Jaka banjur nyritakake nalika dina Kemis wingi golek keong nang sawahe
Mbah Tono karo kanca-kancane Dhukuh Saba. Mbeneri preinan sekolah wingi, parine
Mbah Tono dipanen. Meh kabeh warga Dhukuh Saba padha ngrewangi.
Kaya adat sabene, yen wong tuwane padha nang sawah, anak-anake ya melu.
Klebu Jaka Saba, Mamad, Halim, Yani, Mita, lan liya-liyane. Sawetara wong
tuwane padha ngethoki dami, nglumpukake pari, bocah-bocah padha golek keong.
Mbokmenawa nang sawah desa liya wis angel utawa ora ana keong sing bisa
urip. Amarga nalika kuwi parine disemprot nganggo pestisida. Beda karo Dhukuh
Saba. Wong padhukuhan kuwi ora nganggo obat-obatan sajinise pestisida. Warga
Dhukuh Saba isih seneng ngrabuk sawahe nganggo rabuk kandhang utawa sing kerep
sinebut pupuk organik.
“La ana apa to kok nggoleki aku?” pitakone Jaka Saba marang Bono. Durung
nganti Bono wangsulan, wis keprungu swara bel sekolah. Tandha wektune ngaso wis
entek.
“Ya wis, mengko bali sekolah bae critane,” wangsulane Bono. Bocah
sakloron reruntungan mlaku mlebu klas.
Nang njero klas, Marjuki, Dana, lan Toto katon isih lungguh nang bangkune
dhewe-dhewe. Njingglengi buku. Katone buku tuntunan solat sunah. Nalika Bono
lan Jaka mlaku, ngliwati bocah-bocah sing lagi njingglengi buku, Rudi, ketua
klas, sing lagi lungguh nang mburi, alok, “Ya mesti beda yen saben dinane ngaji
nang langgar. Ora perlu ngapalake utawa njingglengi buku.”
Bocah telu sing lagi njingglengi buku, tanpa ana sing ngabani sanalika
nutup bukune. Banjur mengo, nggoleki sumbere swara. Dene Jaka lan Bono nerusake
lakune karo mesam-mesem.
Dana sing rumangsa pawakane luwih gedhe, wani, tur kendel ngadeg nyet.
Dheweke mlaku memburi marani Rudi. Praupane Dana abang-ireng, katon yen lagi
nesu. Nanging durung nganti tekan mburi, Jaka lan Bono wis nyegat, ngandheg
lakune Dana. Bebarengan karo kuwi, Bu Siti Barokah mlebu kelas karo uluk salam.
Karo mangsuli salam, bocah-bocah padha lungguh nang krosine dhewe-dhewe.
Pancen bener, dina Jemuah sarampunge ngaso dianakake ulangan praktek
solat sunah. Bu Siti, guru agama, wingi wis ndhawuhi murid-muride yen arep
dianakake ulangan praktek solat sunah. Mula ora mokal yen padha nyinaoni lan
ngapalake dongane.
“Rudi, Bono, Marjuki maju bareng nang ngarep!” mengkono Bu Siti nimbali
bocah-bocah sing arep diuji.
Bocah telu sing ditimbali banjur ngadeg, maju mengarep. “Saiki coba
praktekake solat Idul Fitri!”
Bocah telu wis ngadeg jejer-jejer. Banjur bebarengan ngucapake dongane,
niat solat Idul Fitri. Tumprape bocah telu kuwi praktek solat ora dirasa abot.
Kejaba pancen klebu bocah-bocah pinter, uga pancen kagolong bocah sing sregep
ngaji nang langgar. Diwiwiti saka ngucapake niat lan dipungkasi salam, bocah
telu sing maju kuwi mau ora ana salahe.
Sabanjure Bu Siti nimbali Jaka, Toto, lan Dana. Ora kaya bocah-bocah
sadurunge. Yen ditimbali langsung ngadeg, banjur maju mengarep, nalika jenenge
sinebut, Toto lan Dana padha tholah-tholeh. Mandeng Jaka, menehi aba-aba supaya
Jaka maju dhisik. Bareng Jaka wis ngandeg nang ngarep, bocah loro, Toto lan
Dana, enggal-enggal nyusul mengarep. Rebutan ngadeg, njejeri Jaka.
“Wis, ora usah rebutan. Toto ngadeg nang tengene Jaka, dene Dana nang
sisih kiwane.”
“Inggih, Bu,” wangsulane bocah loro bareng. “Saiki, coba praktekake solat
mayit!” dhawuhe Bu Siti.
Sanalika uga kringete Dana dleweran. Mbokmenawa dheweke durung apal tata
carane lan urut-urutane. Bu Siti Barokah, guru agama, mangerteni kahanan kaya
ngono kuwi mau banjur dhawuh, “Yen durung apal, nirokake kancane sing wis apal
ya ora apa-apa. Jaka rak iya wis apal to?”
“Insya Allah, Bu.”
Bocah loro ora nyia-nyiake kalonggaran sing ditrepke marang dheweke. Jaka
Saba ya pangerten marang kahanan. Mula saben ngucapake tembung salarik, Jaka
mandheg anggone ngucap. Menehi wektu kanggo kancane sing ngadeg ning
kiwa-tengene.
Keprungu bel sekolah, tandha rampung pelajaran. Murid-murid padha
ngringkesi piranti sekolahe. Sarampunge ndonga, murid-murid klas 4, padha
ngadeg, maju urut siji mbaka siji. Salim karo Bu Siti, sabanjure metu saka
klas.
Bono sing wis metu dhisik, ngenteni Jaka nang ngarep klas. Bocah sakloron
kuwi mau pancen wis kangsenan. Arep mulih bareng, karo nerusake critane sing
kapedhot nalika ngaso mau.
“Yo bali, ngenteni sapa?” pangajake Marjuki sing uga kanca sadesa. “Aku
ngenteni Jaka. Arep tak critani kedadeyan wingi bengi ning desane dhewe,”
wangsulane Bono.
“Kedadeyan apa to? Kok aku ora kelingan?”
“Wingi kae lo, nang omahe Paklik Dimin. Kandhang wedhuse diorak-arik
macan.”
Marjuki lagi kelingan. Banjur nggagas kepiye yen bala-balane dikumpulake,
sabanjure rembugan nang omahe Jaka Saba. Ngiras-ngirus njaluk marang bapake
Jaka nyritakake watak-wateke macan.
Bener. Ora mung marang Jaka. Bono nyritakake kedadeyan wingi bengi sing
gawe geger nang desane. Toto, Dana, Rudi ya melu ngrungokake critane. “Kepiye
yen bubar Jumatan ngumpul nang omahe Jaka,” pangajake Marjuki marang
kanca-kancane.
Saliyane Rudi, kabeh padha nyarujuki. Satemene Rudi ya kepengin gabung
rombongane Jaka. Nanging dheweke sadhar yen dadi ketua klas kudu netral. Dadi
ya rada njaga jarak.
Sabanjure bocah sapantaran padha reruntungan, mlaku metu saka plataran
sekolahan. Nang prapatan sakulone sekolahan, Marjuki lan Bono menggok ngiwa.
Jaka bablas lempeng dhewekan. Dene Dana, Toto, lan Rudi menggok menengen.
Sajrone mlaku reruntungan bocah telu, yakuwi Rudi, Dana, lan Toto,
kumecap tembunge Rudi njaluk ngapura marang Dana lan Toto. Pangapura babagan
kedadeyan lagi wae mau nalika plajaran agama. “Aku sing kleru kok Rud. Yen aku
sregep sinau lan ngaji nang langgar, takkira ya ora bakal ana kedadeyan sing
ngisin-isini kaya mau,” tembunge Dana.
“Ya, idhep-idhep kanggo plajaran awake dhewe,” Toto nimpali.
Bocah telu padha mesem. Banjur ngguyu bareng karo rerangkulan nerusake
lakune, sinambi nembang lagune Mbah Surip, “Takgendhong”.

Watak-wateke Macan
Sidane bubar asar lagi padha teka nang omahe Jaka Saba. Ngepasi bapake
Jaka ya lagi bae mlebu omah. Bocah sapantaran padha gegojegan nang plataran,
sing ora bisa diarani amba. “O iya, aku durung ngomong karo Bapak yen arep
padha njaluk dicritani watak-wateke macan. Taktinggal dhisik ya.”
Makklepat Jaka ninggalake kanca-kancane. Ora watara suwe Jaka wis njedhul
maneh. “Kon mlebu nang omah bae,” tembunge Jaka marang kanca-kancane. Bocah
lima grudugan mlebu omah.
“Dados mekaten, Pakdhe. Gumun kula alas menika wonten sakulone desa. Yen
manggene macan nang alas, mesti sing ditedha rak inggih wedhus-wedhus sing
kandhange kepara kilen,” Bono nyritakake kedadeyan wingi bengi sing gawe geger
nang desane.
Marjuki isih kurang marem, ngrungokake critane Bono sing katon
grothal-grathul. Banjur dheweke melu nrambul. “Cethane mekaten, Pakdhe. Lik
Dimin niku kandhang wedhuse sawetane let tigang griya saking kandhang wedhuse Paklik
Sarjo. Kudune macan niku wau rak inggih ngarah wedhuse Paklik Sarjo? La kok
malah wedhuse Paklik Dimin sing ditedha?”
“La sing dipangan kuwi mau wedhus lanang apa wedok?” pitakone bapake
Jaka.
“Wedok, Pakdhe,” wangsulane Bono lan Marjuki bareng.
“La wedhuse Lik Sarjo?”
“Kathah ingkang jaler.”
“Mbokmenawa macane kuwi mau macan lanang. Dadi ya sing diarah wedhus
wedok.”
“Ooo… mekaten to,” bocah sapantaran kumecap bareng.
Bapake Jaka sing krungu pocapane bocah-bocah sing isih lugu kuwi mau
ngguyu cekakakan.
Bapake Jaka Saba banjur crita dawa babagan macan. Sing kawitan
bocah-bocah dielingake, nalika saba alas bareng-bareng telung sasi kepungkur.
Yen satemene macan kuwi ngono ya duwe naluri kekancan utawa paseduluran.
Buktine nalika dheweke nulung gogor sing lagi ditinggal tarung biyunge. Let
pirang dina rak iya ana kiriman kempol kidang. Kosok baline, yen menungsa nate
gawe larane macan. Bisa uga tembe mburine macan kuwi mau males marang manungsa
sing nate milara dheweke utawa anak lan sedulure.
“Dados, Paklik Dimin nate milara sedulure macan nggih, Pakdhe?” pitakone
Marjuki.
“Bisa uga ora Paklik Dimin dhewe sing milara utawa mateni macan. Nanging
bisa uga simbah utawa buyute Paklik Dimin sing nglakoni.”
Bocah-bocah isih padha bingung. Durung mudheng apa sing dikarepake bapake
Jaka. Banjur bapake Jaka mbabar watak-wateke macan.
“Satemene ora akeh sing dak mangerteni babagan macan, saliyane aku
ngalami dhewe. Jaman biyen simbahku, ya buyute Jaka, nate crita babagan macan.
Bener lan klirune, aku ora ngerti. Nanging akeh benere tinimbang klirune,”
mengkono pambukane mbabar watak-wateke macan dening bapake Jaka Saba.
Yen manut critane simbahe, ya buyute Jaka, macan ngono wedi karo jalma
sing jenenge menungsa. Utawa isih ngormati ciptane Gusti sing paling sampurna.
Nanging yen wis kecenthok utawa ketaton dene manungsa nganti pitung turunan ora
bisa nglalekake. Macan duwe daya linuwih sing ana nang irunge. Utawa duwe ilmu
titen kanti ngembus-embus. Dheweke bisa nurunake daya kuwi marang anak-putune.
Ganda kringet utawa ganda getihe menungsa kuwi sing dienggo titenan.
“Menawi mekaten pemanggih kula saking ganda getih, Pakdhe,” tembunge
Dana, sing kawit mau nggatekake tenan nganti ndomblong.
“Ala… kaya ngerti-ngertia,” kanca-kancane nyenggaki.
“Aku kelingan piwulangan biologi. Nang kono sinebut yen kepengin ngerti
kuwi isih sedulure apa ora rak iya kudu dites getih utawa sing sinebut tes DNA
to?” wangsulane Dana mbela panemune.
“Bener!” bapake Jaka munggel sadurunge kedlarung-dlarung rembuge.
Kanti ngembus-embus, macan bisa nggoleki menyang endi anake lunga utawa
saba. Bisa niteni sapa sing nate milara anak-turune. Uga niteni sapa sing nate
tetulung. Dadi ya ora maido nalika Jaka Saba sakanca nate tetulung marang anak
macan, piwalese diteri daging kidang. Kosok baline sing nate tumindak culika
marang sedulure macan, piwalese mesthi wae ana. Mbuh arupa apa piwalese. Sing
baku, yen tumindak becik piwalese ya kebecikan, yen tumindak ala piwalese ya
ora nyenengake utawa ala.
“Yen ngono bisa diartekake Paklik Dimin nate tumindak culika marang
macan,” Bono nggremeng karepe dhewe.
“Yen ora, bapak utawa simbah buyute Paklik Dimin sing tumindak ora bener
marang macan,” Dana nyambung grenengane Bono.
“Iya, aku kelingan critane simbahku,” pambengoke Marjuki, sing gawe
kagete kanca-kancane. Banjur Marjuki nyritakake sing nate dicritakake simbahe
marang dheweke.
Biyen, nalika simbahe Marjuki isih jaka, asring golek kayu bebarengan
menyang alas karo simbahe Paklik Dimin. Jenenge Mbah Renggo. Adat sabene wong
yen golek kayu, gamane yen ora arit ya bendho.
Nanging Mbah Renggo ora mung gawa piranti kuwi mau thok. Kadhangkala
nggawa pacul, tali dawa tur gedhe, pring sing wis dilancipi pucukane. Piranti
kuwi mau kanggo gawe jebakan sing arupa jogangan kang jero. Utawa pring digawe
krangkeng. Sato kewan sing liwat papan kuwi mau wis mesthi keblusuk, mlebu
jogangan. Banjur pring sing digawe krangkeng, sing sadurunge
digandhul-gandhulake sandhuwure jogangan, dierut nganggo tali, direkadaya piye
carane. Nalika sato kewan keblusuk, krangkeng kuwi mau anjlok, pas nutupi
jogangan. Dadi kewan sing nang njero, ora bisa metu.
Nalika semana, Mbah Renggo makaping-kaping entuk macan. Embuh kuwi isih
urip utawa mati, macan kuwi mau didol marang cukong sing manggon nang kutha.
Ora krasa, wancine wis nyedhaki magrib. Bocah sapantaran sing lagi dolan
nang omehe Jaka Saba pamitan mulih. Sore kuwi, kanggone bocah sapantaran
sawijine kamulyan sing ora ana tunggale. Yakuwi tambah ngelmu babagan
watak-wateke macan.
Luwih-luwih kangone Bono lan Marjuki sing durung suwe nang desane ana
kedadeyan macan mberung. Macan kuwi ngrusak kandhang wedhuse Paklik Dimin.
Embuh kena apa bocah sakloron ujug-ujug mlakune gandhengan. Katon rukun banget.
Ora kaya adate, sing ora pedhot saka padudon. Mbokmenawa Bono lan Marjuki duwe
kekarepan sing padha. Yakuwi ngajak kancane sapantaran bebarengan nandur
kabecikan, tetulung marang sapa bae, kalebu marang kewan lan tanduran.
Adan magrib keprungu saut-autan saka langgar lan mejid. Lakune bocah
sapantaran luwih rikat. Kareben enggal tekan omahe dhewe-dhewe. Ketemu bapak,
ibu, lan sedulur-sedulure.
Cuthel.

Kenalan Yo... ro sing Nulis
Widyo Babahe Leksono, lair ing desa
Patrayudan, Jepara, Desember 1960. Nate
mulang Pendidikan Kesenian ing SD Andreas, SMP
Agustinus, SMP/SMA Muhammadiyah 03/01, SMA Fituhiyyah, SMP/SMA Agus Salim. Mulang/nglatih ektra Drama ing SD/SMP Isriati, SD Al-Azhar 14/29, SD Hidayatullah, SD/SMP/SMA Nasima, SMPN 1. Teater SS IKIP
Negri (saiki Unnes), Teater
Kaplink Stimik Dian Nuswantara (saiki
Udinus).
Saiki mung mulang ektra drama ing SMA Islam
Sultan Agung 1. Kabeh kuwi ing
saidenge tlatah Semarang.
Ngisi workshop ing sekolah-sekolah, kampus, kantor, babagan:
teater/drama, pidato/retorika protkoler,
dongeng, nulis crita uga skenario/naskah drama. Makaping-kaping nulis ing koran babagan:
pendidikan, seni lan budaya.
Taun 2011 nglatih nulis crita ing SD Pesona Astra lan SD Surya persada, Kotawaringin Barat,
Kalimantan Tengah, sing
ngasilake buku kumpulan crita bocah, “Jin Pohon Sawit” lan “Hutan Larangan,” sing kekarone diterbitake
Gigih Pustaka Mandiri, Jogjakarta.
Buku Carita bocah basa jawa, sing nate diterbitake antarane, Roro Jonggrang Nagih Janji, Nawang Wulan Bali Kayangan, Naga
Baru Klinthing, Lutung Kasarung, dan Ciung Wanara (2009). Buku Pembelajaran Drama untuk SD (2006). Kumpulan Geguritan Blakotang (2012), Buku Mendongeng enteng Sreng... (2012), kekarone
diterbitake Gigih Pustaka Mandiri Jogjakarta. Buku Dolanan Bocah (2012), Novel
Anak Cinta Cita (2014), Kumpulan Naskah Bocah bBasa jawa (2014), diterbitake
dhewe (indie).

Tidak ada komentar:
Posting Komentar