Rabu, 24 Februari 2016

Dongeng-Basajawa-Gaul-NYADRAN



Serial Jaka Saba

Nyadran 
dening: Widyo Babahe (mbah Wied)




Bapak Gunawan, wakil kepala sekolah, gawe kagete kanca-kancane Jaka Saba saklas. Marga esuk-esuk Pak Gunawan wis mlebu nang klase. Kamangka kudune sing ngawiti mulang dina Setu kuwi Pak Supiyanto, guru olah raga.
Nanging embuh ana apa, dina kuwi kok Pak Gunawan, ya wakil kepala sekolah, sing mlebu klas. Apa Pak Supiyanto ana tugas penataran nang Kantor Dinas Pendidikan? Kurang-luwih mengkono pangirane murid-murid klas IV Sekolah Dasar (SD) Kanoman 1.
Pancen ora bisa disalahake yen murid-murid duwe pangira kaya ngono kuwi mau. Apamaneh murid-murid klas IV wis padha apal, gurune olah raga kerep ninggalake sekolah dina Setu. Mesti alasane penataran. Yen ora, ya penyuluhan.
Apa ora ana guru liyane sing mumpuni apa kepiye to? Saben ana layang saka Kantor Dinas Pendidikan utawa dinas liyane, mesthi Pak Supiyanto sing diutus. Kejaba saka kuwi, nang sekolah liya apa ya ora ana guru sing saguh?
“Bocah-bocah, aja salin dhisik,” mengkono Bapak Wakil Kepala ngawiti dhawuh. “Dina iki klas IV ora ana pawulangan.”
Bocah-bocah padha ndoblong. Ora ana angin, ora ana udan, la kok Bapak Wakil Kepala Sekolah dhawuh kaya mangkono. Bareng wis diwenehi ngerti, murid-murid klas IV kuwi mau lagi mudheng yen sekolahane arep ketekan tamu saka SD Internasional. Dijlentrehake uga apa karep lan tujuwane murid sekolah kuwi mau teka nang SD Kanoman 1.
“Sapa sing ngerti apa tegese outbonds?” pitakone Pak Gunawan marang bocah-bocah.
Tembung kuwi wis ora aneh nang kupinge murid-murid klas IV. Mula ya ora gumun yen akeh murid sing padha ngacung. Ana sing mangsuli yen outbonds kuwi tegese nandur pari. Ana sing menehi teges yen outbonds kuwi mlaku-mlaku nang kebon sinambi nyawang tanduran. Ana uga sing njawab ngundhuh ace utawa rambutan. Rupa-rupa wangsulane bocah-bocah.
Krungu wangsulane bocah-bocah kuwi mau, Pak Gunawan mung mesem. Banjur menehi katrangan apa tegese outbonds. “Dadi wangsulan kuwi mau kabeh ora ana sing kleru. Saiki sing baku, nang desa ngendi becike murid-murid SD Internasional kuwi mau bisa nindakake kekarepane?” mangkono Pak Gunawan ngawiti rembug.
Yen dietung, ing wewengkone Kecamatan Gunungpraja cacahe ana 13 desa, 27 dhukuh. Saka 13 desa kasebut, sing kagolong isih amba sawahe ya mung Desa Wanasaba. Mula Pak Gunawan banjur ngetung murid-murid sing papan panggonane ana Desa Wanasaba ana bocah pira. Sabanjure, kira-kira dhukuh ngendi sing isih kalebu wewengkone Desa Wanasaba sing bisa aweh pambiyantu kekarepane tamu mengkone.
“Pripun, Pak, menawi manggen wonten dhukuh kula?” panjaluke Jaka Saba marang Pak Gunawan. “Menapa malih boten dangu malih Dhukuh Saba ngawontenaken sedhekah dhukuh.”
Bareng padha sarujuk kabeh, Pak Gunawan nemtokake dhukuh sing mengkone kanggo outbonds SD Internasional yakuwi Dhukuh Saba, ya dhukuhe Jaka Saba. Mangkono carane Pak Gunawan menehi piwulangan babagan demokrasi marang murid-muride.
Satemene ya wis ana panggagas panggonan kanggo nampa tamu sing arep outbonds kuwi mau. Ora liya ya Dhukuh Saba. Nanging ngiras-ngirus menehi piwulangan babagan demokrasi, Pak Gunawan ngajak murid-muride ngulinakake rembugan.
Rampung rembugan, murid-murid klas IV SD Kanoman 1 bebarengan karo Pak Gunawan mangkat menyang Bale Desa Wanasaba saperlu ketemu Pak Lurah. Bab kuwi ya kalebu piwulangan marang murid-muride. Piwulangan babagan birokrasi.


Sedhekah Dhukuh
Sedhekah dhukuh taun iki ora kaya taun-taun sadurunge. Sing biyasane mung slametan nang omah makam, taun iki Dhukuh Saba nganakake sedhekah dhukuh kagolong rada gedhe. Ora mung slametan lan mangan bareng sadhukuh nang omah makam, nanging ana hiburan keseniane barang.
Kejaba kuwi, ya pancen ngepasi ana tamu saka SD Internasional. Dadi sedhekah dhukuh taun iki disengkuyung sadesa Wanasaba. Bapak Camat rencanane ya arep rawuh sajrone sedhekahan.
“Wah, ya rame tenan mengko ya dhukuhe dhewe. Kejaba Pak Camat arep rawuh, kanca-kanca kene bisa tepungan karo bocah-bocah saka mancanagara,” mangkono tembunge Mita marang kanca-kancane.
Mai nim Krisna. Yor nim sapa?” Krisna banjur nyalami tangane Yani. Sing disalami terus ngipatake tangan. Kanca-kanca liyane padha nggeguyu. Ya, dudu Krisna arane yen ora clelekan.
Jaka Saba mung mesem. Banjur ngelingake kanca-kancane aja nganti lali marang gaweyane dhewe-dhewe. Yani, Sinta, karo Nur entuk bageyan ngajari dolanan. Mamad, Halim, lan Mita bageyan ngajari gawe dolanan saka godhong nangka lan gedebog. Dene Jaka lan Krisna ngajari kepiye carane numpak egrang.
Kejaba kuwi, mengko bocah-bocah Dhukuh Saba ya direwangi murid-murid saka SD Kanoman 1. Babagan ngajari nandur pari wis dipasrahake marang sing sepuh-sepuh. Sing mimpin Pak Gunawan, direwangi para sesepuh Dhukuh Saba. Klebu para ibu.
Titi wanci sing ditemtokake wis teka. Dhukuh Saba kawit saka gapura ngarepan dipasangi maneka warna umbul-umbul. Pas lawangan arep mlebu dhukuh dirias janur kuning dirowe-rowe. Saturute dalan mlebu Dhukuh Saba dipasangi lampion. Kuwi ndadekake asri lan nyenengake kanggone wong sing nyawang.
Nang platarane Pakdhe Lekan sing kerep dienggo dolanan bocah-bocah nalika ngepasi padhang bulan, saliyane didekake tarub, uga dipasangi senthir. Senthir kuwi saka gendul cilik-cilik sing wis ora kanggo. Mubeng ngebaki plataran. Ora kalah rame, jajanan saka asil bumi diler nang meja.
Esuk kuwi, watara jam setengah pitunan, bocah-bocah Dhukuh Saba, uga murid-murid klas IV SD Kanoman 1, wis padha siyaga. Bocah-bocah kuwi nggawa kenthongan, ngadeg jejer-jejer saurute dalanan mlebu dhukuh. Kawit gapura gerbange mlebu dhukuh nganti tekan platarane Pakdhe Lekan.
Yen manut layang saka SD Internasional, rencanane tekan papan panggonan sing arep kanggo outbonds jam wolunan. Nanging embuh kena apa, bocah-bocah Dhukuh Saba, uga murid-murid SD Kanoman 1, kok wis gasik tekan panggonan kono. Mbokmenawa gedhe pengarep-arepe ndang kepethuk kanca-kanca sapantaran sing akeh-akehe saka mancanagara.
“Kok suwe banget to? Jam pira to saiki?” pitakone Krisna marang Jaka Saba.
“Aku ora ngerti. Mbokmenawa kurang-luwih ya jam pitu seprapat,” wangsulane Jaka.
Pancen bener, sing jenenge wong ngenteni kuwi setengah jam rasane kaya setengah dina. Mangkono kurang-luwih apa sing dirasakake Krisna. “Aku pengin ndang ngucapke mai nim Krisna. Yor nim sapa?”
“Bubar kuwi ora ngucap maneh?” pitakone Jaka marang Krisna.
“La, terus ngucap apa?”
“Umpamane takon maneh, endi omahmu? Wis klas pira? Endi papan panggonane sekolahmu? Lan liya-liyane. Mosok mung tepungan thok?”
Krisna glagepan, terus cengangas-cengingis karo ngucap, “Iya ya. La, terus aku kudu kepiye?”
“Murid-murid SD Internasional wis diwulang basa Indonesia. Dadi kowe ora usah bingung. Nganggo basa kuwi wae, dheweke wis padha mudheng. Yen perlu malah kepara kanca-kanca saka SD Internasional luwih seneng yen mbokkenalake basane dhewe, yakuwi basa Jawa.”
Swara kenthongan wis keprungu, ngebaki saindhenging Dhukuh Saba. Warga dhukuh padha metu saka omahe dhewe-dhewe. Pengin melu atur pambagya. Rombongan saka SD Internasional mlaku dampyak-dampyak, kairing dening Bapak Camat Gunungpraja, Bapak Lurah Wanasaba, Pak RT Dukuh Saba, dalah Pak Gunawan, Wakil Kepala SD Kanoman 1. Saliyane murid-murid SD Internasional, uga ana guru-guru saka sekolah kuwi mau sing ngetutake rombongan. Mbokmenawa salah sijine kepala sekolahe. Yen ora ya wakile.
Murid-murid SD Internasional seneng banget meruhi kahanan ing Dhukuh Saba. Kahanan alame isih asri. Nang kiwa-tengene dalan isih akeh tanduran. Kejaba kuwi, wargane katon grapyak. Saben ketemu wong mesti kongkonan mampir.
Satemene ya kesel banget mlaku kawit gapura nganti papan panggonan sing dienggo upacara pambuka. Ya nang platarane Pakdhe Lekan. Adohe kira-kira ana yen limang atus meteran alias setengah kilo. Nanging kabeh mau ora dirasa nalika meruhi kahanan sing nengsemake.
Mbokmenawa sadurunge mangkat menyang Dhukuh Saba, nang sekolahan murid-murid kuwi mau wis digladhi dhisik. Dadi sadalan-dalan saben ketemu wong sing luwih tuwa, murid-murid SD Internasional mesem karo manthuk. Nanging yen karo bocah-bocah sapantarane mung dhadha-dhadha.
Rombongan SD Internasional dalah Bapak Camat Gunungpraja, Bapak Lurah Wanasaba, Pak RT Dhukuh Saba, Pak Gunawan wis padha lungguh nang krosi. Ora keri bocah-bocah, warga Dhukuh Saba, uga murid-murid SD Kanoman 1. Sarampunge atur pambagya, panata adicara, bapak sesepuh Dhukuh Saba, uga jlentrehake babagan nyadran. “Sapunika, mangga katuran para tamu kersa tindakan dhateng griya makam,” mengkono ature bapak sesepuh dhukuh.
Sarampunge sesepuh dhukuh ndonga, tumpeng sing ditata tharik-tharik sing isih ditutupi godhong dibukaki. “Plis, open,” tembunge Krisna marang salah sijine murid SD Internasional sing ana cedhake.
Sing diajak omong mudheng karepe, amarga Krisna uga nyontoni mbukak tumpeng. Sabanjure kanca-kancane padha tiru. Kawitane murid-murid SD Internasional rada kagok. Nang papan kono ora dicepaki sendhok. Kabeh mangane nganggo tangan utawa muluk.
Salah sijine guru SD Internasional weruh kahanan kaya mangkono mung mesam-mesem. Bocah-bocah Dhukuh Saba, uga murid-murid SD Kanoman 1, sing lungguhe cedhak murid-murid SD Internasional ora tega ndeleng kahanan kaya mangkono. Banjur alon-alon marahi carane mangan kanti muluk.

Rampung saka omah makam, para tamu bali nang platarane Pakdhe Lekan. Ibu-ibu sing kadhapuk dadi among tamu atur pambage ngrahapi jajanan asil bumi saha unjukan sing wis cemepak nang meja. Let sawetara wektu, Pak camat dan Pak Lurah sarombongan pamitan.
Sapungkure tamu agung padha kondur, Pak Gunawan atur dhawuh urut-urutane adicara outbonds. Sing sepisanan nandur pari nang sawah. Sarampunge kuwi, murid-murid SD Internasional diajari dolanan sing ana telung werna. Dolanan sing nganggo tembang, dolanan sing ora nganggo tembang, lan gawe dolanan.
Bocah sing cacahe ana sangalikur kabagi telung klompok. Saben saklompok mengko ana sing mandhegani.
Kawitane warga Dhukuh Saba rada ora percaya yen murid-murid kuwi mau padha gelem njegur nang sawah. Ndeleng lageyane, rata-rata katon mriyayeni. Nanging bareng wis tekan sawah, ora ana sing ngomandho, murid cacah sangalikur padha ciblon nang kalenan, ilen-ilen sawah. Warga dhukuh sing arep ngajari nandur pari nang sawah lagi percaya yen bocah-bocah kuwi pancen temenan arep sinau.
Pakdhe Samadi, sing kadhapuk mandhegani ngajari nandur pari, ngawiti kepiye tata carane nandur. “Nandur kuwi saka tembung nata mundur,” mangkono tembunge Pakdhe Samadi.
Praupane padha katon sumringah. Ora nggape awak sing pating clemot gupak lendhut. Kabeh kuwi mau kegawa hawa seneng. Panase srengenge ora rinasa. “Wis bedhug, ayo padha ngaso dhisik,” pambengoke Pakdhe Samadi.
Bocah-bocah sing lagi genaon nandur pari tanggap apa sing dikarepake. Banjur padha mentas saka sawah. “Jaka, kanca-kancane diajak nang sendhang,” ngendikane Pakdhe Samadi marang Jaka.
“Inggih, Pakdhe,” wangsulane Jaka cekak aos.
Sinau Gawe Dolanan
Bocah sapantaran mlaku thirik-thirik, urut galengan sawah. Kala-kala ana sing kepleset amarga galenge ciut tur lunyu. Satekane nang sendhang, ora lanang, ora wadon, padha ciblon. Hhmm…, segere.
Saiki awake wis katon resik kabeh. Sandhangane ya ora teles, uga ora gupak lendhut. Kabeh wis padha salin. Rampung mangan awan, murid-murid SD Internasional sing cacahe sangalikur kabagi dadi telung klompok: klompok rambutan, duren, lan manggis.
Yani, Sinta, karo Nur kabageyan ngajari dolanan sing ana tembange. Bocah-bocah kuwi ngajak klompok rambutan dolanan cublak-cublak suweng. Jaka lan Krisna ngajari klompok duren kepiye carane nganggo egrang. Dene Mamad, Halim, lan Mita ngajari klompok manggis gawe dolanan saka godhong nangka lan gedebog.
“Cublak-cublak suweng…,” mangkono carane Yani karo Nur ngajari nembang. Sing sabanjure ditirokake klompok rambutan.
Sawetara kuwi Sinta golek watuk cilik, sing arep dinggo gacuk. “Suwenge ting gelenter…“
Selarik mbaka selarik nganti pungkasane tembang. Nanging sing diajari rada kangelan anggone ngucapake. Yen rengeng-rengenge tembang wis padha bisa. Mung pangucapane sing rada kangelan.
“Kareben mengko yen bali saka Dhukuh Saba ora kelalen apike dicatet wae,” mangkono panjaluke Yani marang murid-murid SD Internasional sing gabung sajrone klompok rambutan.
“Kanca-kanca, aku nemu watu apik. Cilik, ireng, tur alus,” tembunge Sinta karo nyedhaki kanca-kancane sing lagi sinau nembang cublak-cublak suweng.
“Ya wis, saiki cah telu nyontoni kepiye carane dolanan,” panjaluke Nur.
Sarampunge diwarahi carane dolanan, klompok rambutan diajak dolanan bareng. Beda dolanan beda carane. Yen sing diajarake Jaka karo Krisna ora ana tembange. Nanging mbutuhake keprigelan, sabar, lan tlaten. Pancen bener, yen durung nate nganggo egrang, lagi bae ngancikake dlamakan sikil sakloron mesti tiba.
Nanging klompok duren ora bosen-bosene njajal. Kegawa gedhe pengarep-arepe bisa numpak egrang. Yen nonton Jaka karo Krisna mlaku nganggo egrang, ora ana wong sing ora pengin. Semono uga klompok duren. Direwangi tiba, babak bundhas, tetep padha ora kapok. “He, Jaka, Krisna, aku bisa!” pambengoke Daniel.
Dene klompok manggis sing kapisan diajari kepiye carane gawe kuluk saka godhong nangka sing isih ijo. Mamad, Halim, lan Mita ngajak klompok manggis nang tegalan saperlu golek godhong nangka lan gedebog.
Kena apa kok nganggo golek, ora kaya klompok liyane, sing kabeh wis dicawisake? Bab kuwi ngemu karep, yen dolanan kuwi ora kudu tuku utawa ngetokake ragad. Apamaneh nang sakiwa-tengene dhewe akeh samubarang sing bisa digawe dolanan. Kaya to kayu, watu, godhong, kerdus, muk, gendul sing wis ora kanggo.
Godhong nangka ditekuki siji-siji. Sing alus nang njaba. Sawetara godhong nangka sing tekukan wis cukup. Kira-kira cukup satlakupan sirahe dhewe-dhewe. Siji mbaka siji godhong kuwi digandheng utawa disambung-sambung. Nyambunge bisa nganggo steples. Nanging luwih becik nganggo biting sing wis dilancipi pucuke.
Mangkono kurang-luwih bocah-bocah Dhukuh Saba ngajari nggawe kuluk marang murid-murid SD Internasional. Sarampunge gawe kuluk saka godhong nangka, banjur diajari gawe jaran-jaranan lan bedhil-bedhilan saka gedebog.
Ora krasa wancine wis sore. Keprungu swara kenthongan. Rame banget. Dudu swara kenthongan saka rondan, mejid utawa langgar. Nanging saka platarane Pakdhe Lekan. Kuwi pratanda kanggo bocah-bocah yen wektune outbonds wis rampung.
Bocah-bocah akeh sing padha kegelan. Nanging kepiye maneh. Mesakake tamune yen baline kewengen. Ora watara suwe bocah-bocah wis padha nglumpuk nang platarane Pakdhe Lekan.
Pak Johan Susila minangka wakil saka SD Internasional ngaturake panuwun. Uatur panuwun kuwi kanggo sapa bae sing aweh pambiyantu saengga murid-muride bisa nganakake outbonds ing Dhukuh Saba kanti lancar ora ana alangan. Atur panuwun kususe katujokake marang bocah-bocah Dhukuh Saba lan murid-murid SD Kanoman 1. Bocah-bocah kuwi keraya-raya gelem ngancani murid-murid SD Internasional glepotan lendhut nang sawah, ciblon nang sendhang, tumekane gawe dolanan.
Jaka Saba minangka wakile murid-murid SD Kanoman 1 uga makili bocah-bocah Dhukuh Saba. Dheweke menehake kenang-kenangan marang tamune arupa egrang sing cacahe limang gandheng. Bab kuwi gawe bingunge Pak Johan. Sadurunge ora kepikiran yen arep ana srah-srahan tandha mata.
Sarampunge Jaka masrahake egrang marang Daniel, Pak Johan enggal-enggal nyedhaki sesepuh dhukuh. Banjur ngendika, “Kula minangka wakil saking sekolahan ngaturaken agenging pangapunten bilih saking sekolahan mboten kepikiran atur tandha mata dumateng warga saha lare-lare.”
Bapak sesepuh dhukuh mung mesem. “Nggih saderenge nyuwun ngapunten ugi, bilih para kadang, warga Dhukuh Saba, kirang sopan anggenipun nampi tamu,” mangkono ngendikane sesepuh dhukuh.
“Nanging kados punapa kemawon, kula bombong dumateng kadang-kadang wonten mriki, bilih ngantos sapunika samubarang mboten kaukur ngangge arta.”
Krungu tembunge sesepuh dhukuh kaya mengkono, Pak Johan rada lingsem. Pungkasane adicara, rombongan SD Internasional pamitan karo salaman mubeng marang murid-murid SD Kanoman 1, bocah-bocah, uga warga Dhukuh Saba.
Yani, Nur, Mita, Sinta ora krasa luhe ndlewer nang pipi. Pancen kerepe mangkono. Bocah-bocah kuwi saben ana tamu sing neka nang Dhukuh Saba, nalika padha pamitan, rasane kaya kelangan. Apa pancen mangkono watake bocah Dhukuh Saba? Nanging kabeh kuwi mau salah sijine watak manungsa sing seneng paseduluran
Nang njero bis cilik, sing ditumpaki rombongan SD Inernasional, ora keprungu swara cemluwite murid-murid. Ora kaya wektu mangkate esuk mau. Umyeke ngluwihi ramene pasar. Ana sing nyanyi-nyanyi, omong ngalor-ngidul, lan sapanunggalane.
Nanging embuh kena apa wektu bali kok katon sepi. Mbokmenawa isih kegawa rasa trenyuh. Yen ora ya wis padha kekeselen.
“Pak, badhe tangklet. Nyadran menika tegese punapa sami kalihan outbonds?” pitakone Daniel sing lungguh nang krosi mburine Pak Johan. Sanalika keprungu swara guyune bocah-bocah.
Sampun rumiyin ah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar