Rabu, 24 Februari 2016

Dongene akan Tidur-Nemu Gogor



 

 

 

 

Serial Jaka Saba :

Nemu Gogor

Dening : Widya Babahe Leksono

Serial Jaka Saba : Nemu Gogor

Hak Cipta © Penulis


Penulis                   :  Widya Babahe Leksono
Layout                  :  Bayu Sabtaji
Editor                     : 
Ilustrasi Dalam    :  Deni Supadmo
Desain Cover       :  Bayu Tambeng
Layout Cover      :  Bayu Sabtaji


Cetakan Pertama Juli 2014

Diterbitkan secara Independen oleh penulisnya.

Grenengane sing Nulis


Sing takkarepake ora neka-neka. Aku mung kepengin kepiye carane bocah-bocah saiki bisa lan gelem migunakake basa Jawa. Migunakake basa Jawa sajroning caturan utawa omong-omongan karo bocah sapantaran utawa kluwarga ing saben dinane.
Sapa sing arep disalahake yen bocah-bocah saiki padha ora bisa lan ora gelem migunakake basa Jawa? Yen kita mung eyel-eyel bab kuwi, takkira ora bakal ana karampungane. Siji lan sijine tansah bakal tuding-tudingan, salah-sinalahan.
Mula, ayo bebarengan padha tumandang gawe. Ngupaya kepiye carane bocah-bocah padha bisa lan gelem migunakake basa Jawa sajroning sesrawungan.
Buku crita basa Jawa iki taktulis minangka srana murih nglanyahake lan ngulinakake bocah nalika migunakake basa Jawa. Saora-orane bisa mangerteni lan gelem nyoba. Uga mangerteni kepiye carane ngucapake tembung-tembung basa Jawa. Mbokmenawa yen bocah-bocah gelem maca buku iki, akeh-sithike bisa kenal ukara sing sadurunge ora tau rinungu lan kinucapake.
Buku crita basa Jawa sing taktutis iki pancen isih adoh saka kasampurnan. Mula aku duwe pengarep-arep, para maos suka paring kritik lan saran. Saengga, saget migunani tumrap sapa wae sing isih duwe kekarepan sinau lan memetri basa Jawa.
Nuwun.




Gebyog, Januari 2014
Widya Babahe Leksono








 

 

 

 

 

Nemu Gogor











































  D
ina kuwi, dinane Minggu. Bapake Jaka Saba rada aras-arasen lunga menyang alas. Ora kaya adat sebene. Rampung sarapan, nyruput kopi sing wis dicepakake ibune Jaka, terus memburi jupuk piranti sing biyasane dienggo golek suket karo kayu rencekan. Nanging esuk kuwi, embuh kena apa bapake Jaka rada ora ana greget menyang alas.
          “Ana apa to, Pak, dina iki kok sampeyan rada aras-arasen?“ pitakone ibune Jaka marang sing lanang.
Nanging sing ditakoni ora wangsulan. Malah mesam-mesem karo mbukak buntelan mbako sing diwadhahi plastik. Sapa wonge sing ora mangkel, takon apik-apik ora disemauri malah entuk wangsulan eseman. Nanging kepiye maneh, jenenge wae bebojoan. Ana kalane seneng, ana kalane ya srengen.
“Wis rak sah anyel. Dina iki aku arep cuti dhisik. Mumpung dina Minggu. Si Kenang mumpung prei sekolahe. Ya sekali-kali to ning omah wae.”
Ibune Jaka ora nimpali tembunge sing lanang. Kepara malah kelingan anake lanang.
          “O iya, nang endi Jaka mau? Esuk umun-umun kok wis ora ketok irunge,” pitakone ibune Jaka marang bojone.
“Karan jenenge Jaka Saba. Yen ora dolan, kluyuran, ya ora Jaka Saba jenenge,” wangsulane sing lanang rada ora enak nang ati.
          Pancen bener, kawit esuk srengenge durung mlethek, Jaka Saba wis ora ana ning omah. Biyasane dina Minggu, bocah lanang sing senenge dolan kuwi kepara seneng nang omah. Malah adate tangine kepara rada awan. Mumpung prei sekolahe, mengkono yake sing digagas.
Nanging embuh, Minggu kuwi kok ya ora kaya adat sabene. Wong tuwane sakloron bisane mung nebak-nebak. Kira-kira yen ora nang sekolahan, ya dolan neng kanca-kancane. Mbuh kuwi Dana, Reka, Toto, utawa Marjuki. Mengkono pangirane ibune.
Beda karo sing dipikirake bapake. Anak lanang siji kuwi mesthi wis klayaban mbuh nang endi. Nanging migunani. Bapake Jaka luwih percaya marang anake lanang. Sing duwe kabisan lan kasenengan sing rada beda karo kanca-kancane sapantaran.
Wis sawetara suwe, bapak lan ibune Jaka Saba lungguhan nang ruwang tengah. Kekarone kegawa pikirane dhewe-dhewe. Nglambrang ngalor-ngidul mung mikirake anake lanang. Sakloron kaya ditangekake saka impen nalika keprungu swara bocah-bocah padha grejegan. Swara kuwi saya cedhak saya banter.
          “Kula nuwun, Makdhe, Pakdhe!” uluk salame Bono, Dana, Toto, Reka, Maryuki saur manuk.
“We, kok padha njanur gunung. Kadingaren kok bisa bareng-bareng. Wis padha kangsenan ya?” mengkono pitakonan ngiras pambagene ibune Jaka marang bocah-bocah kuwi mau.
“Inggih, Makdhe,” wangsulane kanca-kancane Jaka bareng kaya diabani. Banjur padha salim marang bapak lan ibune Jaka. Bocah-bocah sapantaran padha golek lungguhan dhewe-dhewe. Amarga krosine ora akeh, ana sing lungguh pangkonan, ana sing ngadeg.
”Ya dingapura bae, gubuge makdhemu cilik. Panggonane sumpek, dhingklike ya mung sithik,“ ibune Jaka nambahi rembug.
“Boten dados napa, Makdhe,” tembunge Dana sing rumangsa ngadeg dhewe.
          “Ora ngono, iki mau ana apa? Kok bisa nglumpuk kabeh, terus bareng-bareng padha mrene? Aku rada cubriya, mesti ana karepe,” pamunggele bapake Jaka nang tengah-tengahing krubutane bocah-bocah.
Sing ditakoni ora ana sing semaur. Mripat-mripat cilik padha lirik-lirikan. Tangan lan sikile padha senggol-senggolan. Menehi tandha supaya matur marang bapake Jaka. Bapake Jaka ngerti glagate bocah-bocah sapantaran mau. Dasar bapake Jaka ya senenge mbeda, terus nambahi gunem-gunem, “Yen ora ana apa-apa ya wis. Aku arep nang kebonan. E…, mbokmenawa ana gedhang mateng bisa digoreng kanggo nyamikan.”
Terus maknyet, jumangkah memburi. Lagi telung jangkahan, keprungu swarane Jaka menggak lakune bapake, “Anu, Pak…. Kanca-kanca kabeh duwe kepenginan arep mlaku-mlaku nang alas. Kuwatir mengko yen kesasar, ora ngerti dalan baline, njaluk tulung Bapak ngancani mlaku-mlaku.”
Bapake Jaka bali lungguh maneh. “La terus arep ngapa mlaku-mlaku nang alas? Mengko yen ketemu kewan galak rak iya malah dadi cotho?”
Kabeh padha meneng. Bocah sapantaran padha pandeng-pandengan. Ndeleng glagate bocah-bocah sing gedhe kekarepane, sepisan maneh bapake Jaka mbeda, “Sapa sing wani karo macan, celeng, utawa ula?”
Mengkono pangetese bapake Jaka marang bocah-bocah. Ora ana sing wani mangsuli. Kabeh kaya kena sirep. Meneng kabeh.
Ing tengahe swasana kang ening, dumadakan Jaka mbengok, “Aku wani karo ula. Mbiyen Bapak nate ngajari aku piye carane ngadhepi ula.”
Kancane Jaka padha mlenggong, kamitenggengen. Nanging bapake Jaka mung mesem, kebak bombong. Ora gumun marang anake lanang. Nanging karo kancane? Mula perlu anane uji coba mental. Nanging  kok ya ora ana kanca-kancane anake sing kumawani.
“Saba utawa dolan nang alas kuwi mung siji sing kudu dimangerteni,” mengkono bapake Jaka ngawiti rembug. “Ora liya ya kuwi, aja biyasa mateni kewan, saanane kewan sing ana ning alas.”
“Klebu semut ya, Pak?” pamedhote Jaka.
“Iya!” wangsulane bapake Jaka cekak aos.
          Pancen bener. Yen rumangsa dijiwit krasa lara, ya aja njiwit marang liyan. Mengkono kurang-luwih ajarane para wong tuwa marang putu-putune. Dadi ajaran kuwi mau bisa dijupuk inti sarine, yakuwi aja gawe lelara marang liyan. Kalebu kewan lan tanduran.
Bapake Jaka Saba rampung menehi wejangan. Banjur miwiti ngajari bocah-bocah sakpantaran kuwi kepiye lakune yen ngadhepi kewan galak. Contone yen lunga menyang alas gedhe nganggo topi sing rada amba. Utawa caping. Kuwi kanggo njaga mbokmenawa ana ula saka ndhuwur. Ula sing gandhulan nang uwit. Nalika ula kuwi rumangsa ana sing teka, sanalika awak lan sirahe mogel, nyaplok utawa nyaut barang mau. Lan yen nganggo topi utawa caping, sing kecaplok ula dudu sirah, nanging capinge.
“Pancen mung caping, nanging ya gedhe pigunane,” mengkono gremengane Marjuki.
Bapake Jaka mung mesem. “Kepiye? Sida mangkat mlaku-mlaku nang alas apa ora?” sepisan maneh bapake Jaka mbeda.
“Anu, Pakdhe, critane dilajengake mawon. Kadose dinten niki boten onten persiapan,” wangsulane Toto diwanek-wanekake.
”Aku kok rada dheg-dhegan. Ana apa ya? Mengko dhisik, aku tak memburi sik ya. Arep pipis,” tembunge Dana sing digeguyu kanca-kancane.
Dheweke ora ngrewes geguyu kuwi mau. Maknyet, ngadeg terus klepat, mlayu memburi. ”Dibacutake saiki apa ngenteni Dana?” ujare bapake Jaka karo mesam-mesem.
”Ngentosi Dana rumiyin,” wangsulane bocah-bocah meh bebarengan.
          Sarampunge Dana saka mburi, bapake Jaka nerusake critane. Isih babagan kepiye carane ngadepi ula. ”Aja wedi, aja bingung, aja kemrungsung, yen pas mbeneri kepergok karo ula,” mengkono dhawuhe bapake Jaka ngawiti maneh critane.
Pancen mengkono. Ngadepi samubarang apa wae kudu nata ati dhisik. Adem pikire.  Bareng  wis tumata kabeh, lagi tumindak. Semono uga yen pas kepergok karo ula. Mandheg, aja obah. Unjal ambegan sing dawa. Alon-alon nyopot topi utawa caping sing dienggo.
Yen mbeneri ora nganggo, ya alon-alon nguculi klambi utawa kaos sing dienggo. Yen uwis, uncalake marang ula mau. Mesti ula kuwi mau nyaut barang sing kemliwer nang ngarepe. Mripate ula kuwi ora patiya awas. Mula apa bae sing kemliwer, obah ning ngarepe, ya disaut. Embuh kuwi musuh utawa mangsane, dheweke ora urusan. Kalebu klambi utawa kaos sing diuncalake kuwi mau. Nalika ula ngobahake sirahe, nyaut klambi utawa kaos, enggal-enggal lunga saka papan panggonan kono.

Mlancong Menyang Gunung Alas
          Dina Minggu candhake, dina sing wis ditemtokake Jaka Saba sakancane. Ya dina kawiwitan mlancong menyang Gunung Alas. Minggu kuwi luwih manteb yen dibandhingake karo dina Minggu kepungkur. Saora-orane mentale Jaka sakanca luwih wani. Kabeh kuwi mau kagawa saka apa sing dicritakake bapake Jaka. Apamaneh bapake Jaka ya ngancani.
          Gunung Alas wis akeh sing mangerteni. Apamaneh warga sing manggon ing desa sakiwa-tengene. Saliyane arupa gunung lan alas sing isih kebak tanduran gedhe-gedhe, Gunung Alas ya dikenal angker. Amarga isih akeh kewan galak. Mula langka sing saba ing papan kono.
          Wancine pancen durung awan tenan. Bedhug utawa adan luhur durung keprungu. Dana wis sambat kesel, njaluk leren dhisik. Nanging kanca-kanca liyane padha ora nggagas sambate Dana.
Ndeleng glagate Dana, bapake Jaka ora tegel. ”Ya wis. Yen ora kuwat aja dipeksa. Kono padha ngaso dhisik.”
Bareng keprungu tembunge bapake Jaka sing mengkono, Dana banjur ndheprok. Kanca-kanca liyane padha ngguyu karo lungguhan nang sakiwa-tengene Dana. Dana ora sranta, banjur mbukak leregan tase, ndudut gendul plastik isi banyu. Gendul isi banyu dilangga, nelesi gorokane. Sanalika praupane Dana katon seger.
Semono uga kanca-konca liyane. Ora lali padha ngetokake buntelan sing dicepake saka omah. Ana sing nggawa tela godhog, kenthang goreng, arem-arem, sega kering, lan uga ana sing gawa roti.
Sajake enak tenan. Pancen wong lagi ngelih, apamaneh ning alas sing adoh warung. Panganan apa bae rasane ya luwih gandem. Satengah-tengahing bocah-bocah sapantaran padha mangan, bapake Jaka dhawuh, “Kowe kabeh padha ngaso nang kene dhisik ya. Pakdhe arep golek rencekan kayu sedhela.”
“Nggih, Pakdhe.”
“Mengko yen ana apa-apa, sempritane disebul ping telu,” mengkono pesene bapake Jaka sadurunge ninggalake bocah-bocah.
          Tenan, durung nganti padha rampung olehe mangan, dumadakan keprungu swara gerenge kewan.
“Yen iki gerenge macan,” Bono mbisiki kanca-kancane.
“Kepiye? Sempritane disebul apa ngenteni sawetara dhisik?” Marjuki melu bisik-bisik.
Bocah-bocah sapantaran padha pandeng-pandengan. Padha ngenteni wangsulan. Nanging beda karo Dana, dheweke mung gandhulan kenceng, nyekeli tangane Jaka. Ora dirasa kathoke Dana teles. Dana ngompol.
”Kepiye Jaka?” bisike Toto marang Jaka.
”Ya wis dienteni sawetara dhisik. Mbokmenawa Bapak ya krungu, terus enggal-enggal bali rene.”
Swara macan nggereng keprungu saya banter. Bareng digatekake tenan, swarane ora mung siji. Mbokmenawa macan lanang karo wadon lagi golek pangan. Ya, swara kuwi keprungu luwih cetha. Arah-arahe saka kidul kulon. Padha arahe bapake Jaka Saba pamit golek kayu rencekan.
Jaka Saba sakancane kaget, keprungu kresak-kresek. Lan ora adoh saka papan panggonane, katon ana godhong obah-obah. Marjuki, sing kawit mau ngemut sempritan, ora njarak sempritane kesebul. Sanalika kanca-kancane kaget. Ora let suwi bapake Jaka njedhul. Oalah, jebul sing kresak-kresek ana sawalike grumbul kuwi mau bapake Jaka.
”Ssst, aja rame-rame! Nang sawalike wit trembesi sisih kidul kulon kana kuwi ana macan arep tarung,“ pambisike bapake Jaka Saba marang bocah-bocah. “Aja  padha wedi. Ayo mlaku dhimik-dhimik, nyedhaki wit trembesi!”
Kabeh padha manut apa sing didhawuhake bapake Jaka. Ketlemek-ketlemek padha mlaku nyedhaki wit trembesi. Sing paling ngarep ya mesti sing luwih ngerti kahanan. Ora liya ya bapake Jaka. Urut memburi lan kiwa-tengene, Dana lan Maryuki, Toto lan Jaka. Dene Dana digendhong bapake Jaka. Amarga banget wedine, nganti ngewel, ora bisa ngangkat sikile kanggo mlaku.
          “Dana, biyasane macan kuwi seneng apa-apa sing ning dhuwur gendhongan,” bisike Bono mbeda Dana. Sing dibeda ora ngrewes. Mung cekelane saya kenceng nang gendhongane bapake Jaka.
Bapake Jaka ndhodhok, kabeh melu ndhodhok. Bapake Jaka mbrangkang, kabeh padha mbrangkang. Apa bae saobahe bapake Jaka, bocah-bacah sapantaran padha nirokake.
Usahane  ora muspra. Kabeh wis tekan wit trembesi kanti slamet. Dana sing kawit mau nang gendhongan, wis wani medhun. Mbokmenawa wis ora patiya ngewel.
“Delengen kae, nang pinggire kali! Kae jenenge macan loreng,” pambisike bapake Jaka marang bocah-bocah.
Sing dibisiki nggatekake temenanan. Pancen bener. Saka sawalike wit trembesi, sing dienggo ndhelik bocah-bocah lan bapake Jaka, katon ana kewan sikele papat persis kaya kucing. Nanging kepara katon luwih gedhe. Kuwi sing diarani macan.
Bocah-bocah sapantaran padha gumun. Lagi kuwi weruh ning ngarep mripate dhewe wujude kewan sing jare doyan daging menungsa. Sadurunge, paling-paling weruh saka gambar, foto, utawa giyaran televisi.
“Bono, ndang ditokake kekere! Aku pengin weruh luwih cetha!” panjaluke Jaka marang Bono.
Ora nunggu suwe, Bono mbukak tas cangklonge. Alon-alon njupuk keker saka njero sak tas. Jaka wis ora sranta. Keker sing wis nang tangane Bono disaut. Banjur ngepas-ngepasake setelane, terus dienggo ngeker macan sing ana pinggir kali kuwi mau.
“Weh nggegirisi. Untune mingis-mingis. Mripate mangar-mangar,” mengkono kumecape Jaka.
Tembung kuwi ndadekake kanca-kancane padha kepengin enggal-enggal weruh. Terus padha rebutan keker.
”Ssst, aja rame-rame. Aja padha rebutan. Mengko mundhak konangan simbahe yen awake dhewe padha delikan nang kene!”



Sawise dibisiki bapake Jaka, bocah-bocah banjur padha giliran anggone ngeker macan. Gerenge macan saya suwe tambah banter. Tarunge ya tambah seru. Gluntungan, cakar-cakaran, cokot-cokotan. Nganti awake gupak lendhut kabeh.
“Pakdhe, jebul ora mung loro macane. Ana macan cilik-cilik cacahe telu,” tembunge Marjuki sing nyekel keker. Banget gugupe, nganti lali basa karo bapake Jaka. Kekere diaturake bapake Jaka.
“Nang sisih ngendi?” pitakone bapake Jaka karo ngeker-ngeker.
“Sawalike wit pis kucing. Radi ngiwa, radi ngandhap.”
“We ladalah! Kuwi anak-anake macan sing lagi tarung. Mesakake banget.”
Sarampunge rembugan, bapake Jaka, Bono, lan Marjuki mlaku alon-alon nyedhaki anak macan. Sajangkah mbaka sajangkah. Satemene ngono ora adoh. Amarga mlakune alon-alon, ya katon suwe.
Saiki wis padha cedhak karo wit pis kucing. Marjuki kringete dleweran. Dhadha rasane kaya arep ambrol. Bapake Jaka ndelengi bocah loro, banjur mesem karo ngacungake jempol. Bapake Jaka banjur mengkurep, ndlosor kaya ula.
Nggremet alon-alon nyedhaki anak macan. Siji mbaka siji, anak macan kacandhak. Sepisan diulungake Bono. Sing kaping loro diulungake Marjuki. Dene sing pungkasan digawa dhewe.
Warga Dhukuh Saba padha geger. Jaka Saba lan kanca-kancane entuk anak macan. Apamaneh cacahe ana telu. Bener, anak macan sing wis diadusi, amarga bubar gupak lendhut, saka kali tengah alas kuwi mau saiki katon resik. Dipepe nang pelataran omahe Jaka, karepe ben ora kadhemen lan supaya wulune cepet garing.
Saben ana wong sing liwat, banjur merlokake mampir. Sing ndadekake wong sadhukuh krungu kabeh.
“Hi, lucu ya? Kaya kucing,” grenengane Dana, sing kawit mau ora leren-leren nyawang.
Wancine wis sore. Bapake Jaka Saba rampung adus. Kadingaren bubar ngasar wis adus, adate nyedhaki magrib, malah kepara bar magrib lagi kober adus. Nanging dina kuwi kaya ana sing beda.
Kempol Kidang Pancen Enak
Pancen bener. Rampung adus, dandan resik, bapake Jaka nyedhaki anak macan. Anak macan utawa gogor kuwi lagi dirubung warga Dhukuh Saba sing kepengin ngerti anak macan.
“Le, Jaka, lan kanca-kancamu sing isih kuwat mlaku lungaa nang alas maneh. Anak-anak macan utawa gogor iki kudu dibalekake marang biyunge,” mangkono tembunge bapake Jaka nang tengahe warga lan kanca-kancane Jaka.
“Lo, Pak, gogor iki ora diingoni bae? Mengko yen wis gedhe didol. Mesti payu larang.”
“Ora! Mesakake biyunge. Kowe apa gelem dipisahake karo ibumu?”
Jaka ora wangsulan. Mung meneng bae karo rada gela. Dene Bono karo Marjuki melu ngrewangi bapake Jaka, nglebokake gogor nang kranjang.
”Ayo, selak surup. Mengko mundhak kewengen baline!“ pangajake bapake Jaka.
Sidane sing melu mbalekake anak macan mung Bono, Marjuki, karo sabageyan warga. Jaka, Dana, Toto, ora melu. Mbokmenawa kekeselen.
Durung nganti tekan papan panggonane, rombongan sing arep mbalekake anak macan cacah telu kuwi mau kaget. Keprungu swarane macan nggereng. Ora ana sing ngabani, sarombongan ndhodhok bareng. Banjur ndhelik golek papan panggonan sing dirasa aman. Gerenge macan saya banter, cetha lan keprungu cedhak banget. Gogor sing diwadhahi kranjang, ranggeh-ranggeh mendhuwur. Kepengin metu saka wadhahe.
Bapake Jaka Saba sing nggawa kranjang mudheng karepe. Enggal-enggal kranjang kuwi mau disuntak, dijungkirake. Sanalika gogor cacah telu metu saka wadhahe. Gogor terus mlayu, nyedhaki sumbere gerenge macan gedhe kuwi mau.
Ora let suwe, saka sawalike grumbul, makjegungguk macan gedhe mecungul. Warga Dhukuh Saba sing nguntapake kaget. Beda karo Bono lan Maryuki. Amarga bocah loro kuwi mau wis ngerti nalika padha tarung nang pinggir kali tengah alas awan mau.
Gogor telu cacahe nyedhaki biyunge. Banjur nyusu marang biyunge. Ya mesti wae, sadina ora ngombe, pantes yen ngelih lan ngelak.
Karo ndilati anake, biyung macan kuwi mau ndheprok. Sawetara wektu, bapake Jaka ngadeg, metu saka singidane. Sabanjure disusul liyane. Bapake Jaka nyopot klambine, terus diuncalake sangarepe rada adoh saka biyung macan kuwi mau. Banjur ditinggal bali.
Sajrone bali nyang Dhukuh Saba, Bono takon marang bapake Jaka. ”Pakdhe nyopot klambi terus diuncalake teng ngajenge biyunge macan. Kersane napa to?”
Karo mlaku bapake Jaka crita akeh bab macan. Sabenere macan kuwi isa diajak paseduluran. Dene bapake Jaka nguncalake klambine marang biyunge macan kanggo tandha ngajak paseduluran. Macan kuwi bisa niteni manungsa utawa pawongan saka ambune kringet.
Wis ana yen rong minggunan, Jaka Saba lan kanca-kancane wis ora pati nggagas tau nulung anak macan. Luwih-luwih warga Dhukuh Saba.
Nanging Jaka Saba kaget nalika tengah wengi metu saka ngomah, saperlu nguyuh nang pakiwan. Dheweke weruh blegere kewan sikil papat, mlaku regunuk-regunuk nyedhaki ngomahe. Bareng dimatake tenan, jebule macan. Bareng wis cedhak, macan kuwi mau mandheg nang sisihe lawang ngarep. Banjur ndhungkruk nyelehake barang sing digondhol utawa dicokot. Banjur lunga.
Jaka Saba durung sida nguyuh. Brabat mlebu omah. Gugah-gugah bapake. Bareng bapake wis tangi, dheweke crita sakabehe kedadeyan sing lagi wae dialami.
Bapake Jaka ora sranta. Ngadeg jenggirat, njupuk senter utawa sentolop, terus metu ngomah. Jaka ngetutake saka mburi. Bareng lawang ngarep dibukak, nang kono ana kempol kidang gemlethak. Bapake Jaka mesem. Banjur sentolope disorot-sorotake mengarep, mengiwa, lan menengen. Mbokmenawa blegere macan isih katon. Lamat-lamat keprungu swara gerenge macan.
“Ya, matur nuwun, Lur!” pambengoke bapake Jaka.
***
“Daging kidang jebule enak banget ya?” tembunge Dana nalika mangan bareng nang omahe Jaka Saba. Bali saka sekolah, Jaka pancen dipesen simboke supaya ngajak kanca-kancane mangan bareng nang omahe.
Rampung mangan, Jaka Saba takon marang bapake, ”Dadi kempol kidang kuwi pikolehe dhewe nulung anake macan ya Pak?”
Sing ditakoni ora wangsulan. Mripate lirak-lirik marang Bono lan Marjuki. Sing dilirik ethok-ethok keselek, banjur watuk-watuk.
“Eee…, kena apa kok padha watuk? Ora doyan daging kidang ya?” pitakone bapake Jaka.
“Boten kok, Pakdhe. Kula pun kesel mlampah. Kula boten ndherek mawon menawi mbalekake anak macan teng tengah alas,” wangsulane Marjuki.
“Sakjane aku ya eman-eman yen gogor kuwi dibalekake nyang biyunge,” Bono nimpali.
Kabeh padha ngguyu. Nanging Jaka sing rumangsa disindhir mung pecuca-pecucu.

Sampung rampung.

Kenalan Yo... ro sing Nulis

Widyo Babahe Leksono, lair ing desa Patrayudan, Jepara, Desember 1960. Nate mulang Pendidikan Kesenian ing SD Andreas, SMP Agustinus, SMP/SMA Muhammadiyah 03/01, SMA Fituhiyyah, SMP/SMA Agus Salim. Mulang/nglatih ektra Drama ing SD/SMP Isriati, SD Al-Azhar 14/29, SD Hidayatullah, SD/SMP/SMA Nasima, SMPN 1. Teater SS IKIP Negri (saiki Unnes), Teater Kaplink Stimik Dian Nuswantara (saiki Udinus).
Saiki mung mulang ektra drama ing SMA Islam Sultan Agung 1. Kabeh kuwi ing saidenge tlatah Semarang.
Ngisi workshop ing sekolah-sekolah, kampus, kantor,  babagan: teater/drama, pidato/retorika protkoler, dongeng, nulis crita uga skenario/naskah drama. Makaping-kaping nulis ing koran babagan: pendidikan, seni lan budaya.
Taun 2011 nglatih nulis crita ing SD Pesona Astra lan SD Surya persada, Kotawaringin Barat, Kalimantan Tengah, sing ngasilake buku kumpulan crita bocah, Jin Pohon Sawit lan Hutan Larangan, sing kekarone diterbitake Gigih Pustaka Mandiri, Jogjakarta.
Buku Carita bocah basa jawa, sing nate diterbitake antarane, Roro Jonggrang Nagih Janji, Nawang Wulan Bali Kayangan, Naga Baru Klinthing, Lutung Kasarung, dan Ciung Wanara (2009). Buku Pembelajaran Drama untuk SD (2006). Kumpulan Geguritan Blakotang (2012), Buku Mendongeng enteng Sreng... (2012), kekarone diterbitake Gigih Pustaka Mandiri Jogjakarta. Buku Dolanan Bocah (2012), Novel Anak Cinta Cita (2014), Kumpulan Naskah Bocah bBasa jawa (2014), diterbitake dhewe (indie).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar