Serial
Jaka Saba
Laskar
Egrang
dening: Widyo Babahe (mbah Wid)
Ing sapinggire
kutha ana salah sawijine dhukuh kang aran Dhukuh Saba. Dhukuh kuwi kalebu
wewengkone Gunungpraja. Bisa diarani ndesa, amarga ya pancen cedhak karo
gunung. Diarani kutha ya pancen ora adoh saka kutha. Mula bener yen sinebut
desa pinggiran.
Rikala
jaman semana, dhukuh kuwi mau isih arupa alas gung liwang-liwung. Alas kuwi
asring kanggo ngaso para warga sing arep mbebedhag. Utawa warga sing golek kayu
menyang Gunung Alas. Suwene-suwe papan panggonan kuwi didegi gubug. Saderma
kanggo leyeh-leyeh utawa ngeyub.
Ora
nganti welasan tahun ing papan kono wis ngadeg puluhan gubug. Mesthi bae ora
mung wong siji sing gawe gubug nang kono. Kejaba saka kuwi, gubuge uga kanggo
nyimpen kayu asile saka alas. Utawa kanggo turu sabageyan warga sing kewengen
utawa kekeselen saka Gunung Alas. Lagi mengko esuke kayu-kayu kuwi digawa bali menyang
omahe dhewe-dhewe.
Ing
sawijining wengi, nalika warga lagi ngaso nang gubug, ketamon pawongan. Ora dingertine
saka ngendi sangkan parane pawongan kuwi. Tekane pancen ora nyalawadi. Nanging
ndadekake kagete warga sing lagi ngaso.
Bareng
tetepungan, pawongan kuwi ngaku duwe jeneng Saba Wasesa. Dheweke nembung arep
nunut turu ora ketang mung sewengi nang gubug kono.
“Sedulur-sedulur,
piye yen Sedulur Saba Wasesa kita pasrahi njaga kayu ning gubug kene? Dadi
awake dhewe ora susah-susah nginep,” mangkono usule salah sawijining warga ing
wengi kang tintrim.
Usul
kuwi mau disarujuki dening warga liyane. Sawise kuwi, saben warga kewengen ora
ana sing nginep nang gubug-gubug kuwi. Amarga saiki wis ana sing njaga, yakuwi
Saba Wasesa.
Wis
welasan tahun Saba Wasesa urip dhewekan nang alas kono. Saben dina mangane
dikirimi warga sing padha titip kayu. Suwe-suwe Saba Wasesa rumangsa ora
kepenak. Mosok urip nggantungake marang liyan.
Mula
sithik mbaka sithik dheweke nandur wit-witan. Dheweke nandur wit sing bisa
dipangan ing sakiwa-tengene gubug-gubug kuwi. Wit-witan sing ditandur antarane
tela, gembili, uwi, ganyong, lan gedhang.
Warga mangerteni
asil tandurane Wasesa luwih apik lan lumayan. Nuli akeh sing melu-melu nandur
ing papan kono. Saya suwe warga padha gawe omah nang alas kono. Sing maune
arupa gubug, saiki digedhekake dadi omah.
Kedadeyan
kuwi wis atusan taun kepungkur. Mula kanggo ngeling-eling riwayat kuwi, dhukuh
kono diarani Dhukuh Saba Wasesa. Supaya anak-putu ora kelalen perjuangane cikal
bakal sing manggon ing papan kono. Nganti seprene dhukuh kuwi sinebut Dhukuh
Saba. Gunung Alas sing isih kebak tanduran wit jati sinebut Gunungpraja.
Critane
Jaka Saba
Saiki
beda critane. Ing Dhukuh Saba ana bocah lanang cilik kang aran Jaka Saba. Bisa
diarani Jaka Saba amarga pancen dheweke jaka sing papan panggone ning Dhukuh
Saba. Nanging sing baku karanan Jaka Saba amarga bocah lanang kuwi mau ora tau
nang omah alias dolan utawa saba terus.
Pancen Jaka Saba ora
kaya bocah sapantarane. Kadhang bali saka sekolah ora bali omah dhisik. Embuh
dolan nang ngendi wae. Nate nganti sore ya durung bali. Ibune nganti bingung
nggoleki. Ditakonake marang sapa bae padha ora ngerti nang ngendi dolane Jaka.
Jebul ketemu turu angler nang gubug sawahe Mbah Safi’i.
Liya
dina ya mengkono maneh. Gawe bingung wong tuwane. Bali saka sekolah tase
diselehake nang emperan, terus mlajar embuh nang endi. Nganti bar magrib ya
durung ketok irunge.
“Le, yen
dolan ki mbok ya omong. Dadi Ibu ora bingung nggoleki,” mangkono dhawuhe ibune
Jaka ing sawijining dina.
Sing
dikandani ora patiya ngrewes. Malah pringas-pringis.
“Persis
kaya bapake, yen diomongi ora nggatekake sing omong.”
Nanging
Jaka ora kaya sabaene kanca sapantaran. Dheweke luwih prigel. Ing atase bocah
lagi klas IV SD wis bisa nggraji, malu, lan ngethok pring. Bisa gawe dolanan
dhewe, kaya montor-montoran saka kulit jeruk bali, bedhil-bedhilan saka
gedebog. Malah kepara bisa gawe egrang dhewe. Mula ora mokal yen Jaka prigel
dolanan egrang.
“Jaka,
aku mbok ya nyilih egrange lan diwarahi carane numpak egrang. Jare kowe duwe
egrang nang omah,” mangkono panjaluke Bono, kanca sekolahe sing omahe seje
desa.
“Yen
gelem, mengko bali sekolah nang omahku. Ora mung takwarahi piye carane numpak,
nanging takwarahi carane gawe egrang barang.”
Jaka
pancen klebu bocah sing seneng srawung. Dadi nang endi papan panggonan, kancane
ya akeh. Ora mung nang Dhukuh Saba. Warga desa sakiwa-tengene ya padha kenal
Jaka.
Kabeh
pafdha ngerti yen Jaka gawene nganggo egrang. Apamaneh Jaka asring ngalor-ngidul
karo Bono, mlaku numpak egrang. Bocah lanang sapantarane padha kepengin diajari
gawe egrang. Ora ana sesasi bocah-bocah sing padha diajari Jaka kuwi mau wis padha
bisa dolanan egrang.
Saiki
ora ana bocah lanang padha playonan. Ngaso sekolah, sing katon mung bocah
lanang padha mlaku-mlaku nganggo egrang. Nganti bocah-bocah wadon nesu. Amarga
ora ana plataran sing dienggo gawe dolanan sundhah-mandhah.
“Mbok iya
bocah-bocah lanang dolanane egrang nang sisih wetan kana. Kene ben dienggo
dolanan bocah-bocah wadon,” panjaluke Rumi marang bocah-bocah sing lagi dolanan
egrang.
Dina Senen,
sarampunge upacara, Ibu Kepala Sekolah ngumumake yen Senin ngarep wis kawiwitan
lomba. Lomba-lomba kuwi kanggo mengeti Dina Kamardikaan utawa Agustusan. Salah
sijine lomba yakuwi balapan egrang.
Sanalika
bocah-bocah lanang padha keplok-keplok. Bungah banget. Nanging Jaka Saba mung
ndhiluk, rada sedhih. Embuh ana apa.
“Jaka,
kowe kok ketok sedhih ana apa? Kudune kowe sing paling seneng amarga lagi iki
nang sekolahane dhewe dianakake lomba egrang. Tur kowe mesti menang,” ujare
Bono marang Jaka nang klas, sarampunge upacara.
Nanging
sing ditakoni mung meneng wae. Malah kepara arep nangis. “Lo, kok malah arep
nangis? Jare jago kok nangisan ki piye?”
Jaka ora
sida nangis. Amarga ora let suwe kanca-kanca liyane padha mlebu klas nyedhaki
Jaka lan Bono. Dana, Toto, Marjuki sumringah lan bombong amarga manteb yen sing
menang mengko bakale Jaka. Nanging bareng ngerti yen Jaka katon suntrut,
bocah-bocah kuwi mau mlenggong. Apa sakjane sing ana pikirane Jaka?
“Bono,
Dana, Toto, lan kowe Marjuki. Aku titip ya, aja nganti klase dhewe kalah,”
mangkono tembunge Jaka rada alon marang kanca-kancane.
“Lo, ana
apa ta kok kowe ora melu?” pitakone Dana rada kaget.
“Embuh,
aku ora weruh. Bapak Wali Klas mau dhawuh, aku ora entuk melu lomba. Aku
dianggep ora pantes melu.”
“La,
terus alasane apa kok ora entuk melu?” pambengoke kanca-kancane Jaka meh
bebarengan.
“Embuh.
Aku ora ngerti,” jawabe Jaka cekak.
Njeguguk
Ana Omah
“Le, kok
ora mangkat sekolah to? Prei pa sekolahe? Apa guru-gurune padha rapat?”
pitakone ibune Jaka.
“Ora
kok, Bu,” wangsulane Jaka cekak.
“La, kok
ora sekolah? Mengko didukani maneh lo karo Bapak Wali Klas.”
“Ora
apa-apa kok. Dina iki bebas. Ora ana pelajaran. Mung lomba-lomba.”
“La,
kowe apa ora pengin melu lomba?”
Sing
ditakoni ora wangsulan.
“Yen
ngono ya wis, ngrewangi Ibu wae nang omah. Ora usah dolan. Kae pitike pakani.
Yen nang petarangan ana ndhoge, ya jupuk. Terus deleh nang panci ndhuwur rak.
Yen gelem ya saponi kandhange ben ketok resik. Ibu tak menyang pasar dhisik. Dodolan
nangka sing wingenane diundhuh bapakmu saka kebon. Ketoke kok wis sang-seng
sang-seng. Mbokmenawa wis mateng nangkane. Ya, lumayan to bisa kanggo
imbuh-imbuh blanja.”
Ora
ngenteni wangsulan, ibune Jaka jumangkah nang pawonan. Ibune Jaka njupuk dhunak
kanggo wadhah nangka.
Dina
kuwi Jaka ora kaya adat sabene. Bocah sing biyasane katon sumringah lan ora
betah nang omah, dina kuwi njegugug nang omah bae.
Bubar
makani pitik lan nyapu kandhang, Jaka mung lungguhan nang emperan omah. Biyasane
tangane gatel yen ora candhak-candhak, mbuh kuwi bendho, graji, utawa palu.
Nanging dina kuwi mung lungguhan karo dheleg-dheleg. Pikirane nglambrang tekan
sekolahan. Mbayangake kanca-kancane sing lagi lomba balapan egrang.
Bono,
Toto, Dana, Marjuki mesthi padha sigrak ngobahake egrang. Kala-kala Jaka ya
katon mesem. “Mesthi menang, mesthi juwara. Embuh kuwi Bono, Toto, utawa
Marjuki,” mangkono kurang-luwih sing ana pikirane Jaka. “Yen Toto, aku ora
yakin. Kadhang kancaku siji kuwi sembrana. Ngenthengake liyan,” batine Jaka.
Lomba
Telung Warna
“Prit…
priit… priiit!” Pak Supiyanto, guru olah raga, nyebul sempritan kaping telu. Tanda
lomba kawiwitan. Sadurunge Pak Suiyanto maringi katrangan jinis lomba sing arep
dianakake lan tata carane lomba.
Lomba
egrang kabagi ana telung warna. Kaping pisan, balapan egrang utawa
cepet-cepetan mlaku nganggo egrang. Adohe antarane 12 meteran, sadawane lapangan
poli.
Sing
kaping lorone estapet. Kudu duwe klompok, sing cacahe bocah papat. Lan sing
kaping telune, sing paling dienteni, yakuwi balapan mangan krupuk nganggo
egrang.
Dene
tata carane sing kapisan, yakuwi balapan egrang, kaya balapan mlayu 100 meter.
Ora kena nyenggol liyan lan liya-liyane. Saangkatan sing diayahi ana bocah
papat nganti nenem. Dijupuk bocah loro sing paling cepet.
Babagan
kuwi kang diarani babak penyisihan. Bocah loro sing paling cepet kuwi diadu
maneh nang babak sadurunge pinal. Nang babak sadurunge pinal dijupuk mung bocah
siji saben saangkatane. Lan pungkasane kang diarani babak pinal. Yakuwi babak
sing nemtokake sapa sing bakal dadi juwarane. Sadurunge sempritan disebul,
salah siji sikile, embuh kuwi sikil tengen utawa kiwa, ora entuk dipancikake
nang pancikane egrang.
Dene
tata cara sing kaping pindho, yakuwi estapet egrang. Lomba sing siji iki beda
karo sadurunge. Estapet kudu klompok utawa regu. Sing saben saklompoke ana
limang bocah cacahe. Nang lomba estapet ana kalonggaran. Yen nang balapan, ana
bocah sing tiba utawa uwal saka egrange dinyatakake gugur. Nanging nang
estapet, mbokmenawa ana sing tiba utawa uwal saka egrange ora apa-apa alias
oleh mbacutake.
Kejaba
saka kuwi, estapet langsung pinal. Tegese ora ana penyisihan. Dadi sing
nemtokake juwara lan orane ya saka cepet lan suwene anggone ngayahi jejibahan.
Kuwi kaukur dening menitane setopwat.
Sing
pungkasan, lomba egrang sing paling seru, yakuwi lomba mangan krupuk nganggo
egrang. Krupuk-krupuk sing digandhul-gandhulake nganggo benang sadurunge ditata
pas tutuke sing arep ngayahi lomba. Tata carane ora beda karo lomba mangan
krupuk sing kaya adate. Cepet-cepetan ngentekake krupuk sing digandhul-gandhulake.
Mung
bedane, yen lomba iki sapa bae sing tiba utawa uwal saka egrang dinyatakake
gugur. Lomba iki kaya sing kapisanan. SSaangkatan dipilih bocah loro. Mengkone
diadu nang babak pinal.
Mangkono
dhawuhe Pak Supiyanto, guru olahraga, sadurunge lomba kawiwitan. Pak Supiyanto
anggone dadi wasit ora dhewekan. Direwangi guru liya, antarane Pak Slamet, Pak
Joko, Bu Endang, Bu Siti, lan Bu Umi.
Bapak
lan ibu guru kuwi mau ngrewangi dadi juru cathet. Nyatheti pirang menit wektune
anggone mlaku nganggo egrang. Piranti sing dienggo mangerteni pirang menit
wektune arane setopwat.
Bocah
lima ngadeg jejer-jejer nang garis start.
Tangane nyekethem gagang egrange dhewe-dhewe. Bono, Rudi, Santo, Duwi, lan
Teguh. Lima-limane durung ana sing munggah nang egrange. Swara keplok-keploke
murid-murid sing padha ndelok gawe ramene swasana.
Keprungu
swara sempritan disebul. Tanda lomba kawiwitan. Bocah lima kuwi enggal-enggal
munggah nang egrange dhewe-dhewe, banjur jumangkah. Mung Teguh sing kurang
setiti. Mbokmenawa rada kesusu, apa embuh pancen nggreweli. Dheweke lagi bae
ngunggahake sikile sing tengen nang pancikan egrang, dumadakan kepleset.
Nanging ora dianggep gugur. Amarga dheweke durung jumangkah nang sajrone
lapangan.
Durung
nganti tekan tengah, Duwi wis tiba utawa uwal saka egrange. Telung jangkah
sabacute, genti Santo melu-melu tiba. Saiki sing isih nangkring sandhuwure
egrang mung kari Teguh, Bono, lan Rudi.
Keploke
murid-murid sing padha ndelok tambah seru. Ana sing njerit-njerit, nyebut
jenenge Teguh. Karepe ben sing dijeriti tambah bregas. Nanging malah dadi
sawalike. Mbokmenawa ya amarga malah nggregeli, kesusu-susu, ora let suwe Teguh
tiba. Kamangka dheweke wis nang ngarep dhewe. Kira-kira kurang patang jangkahan
maneh wis tekan garis pinis.
Ya
pancen durung rejekine Teguh mbokmenawa. Mangkono jarene wong-wong tuwa yen
ngendika. Nanging iki lomba, adu kabisan, keprigelan, lan mental. Dadi kurang
pener yen diarani adu kabegjan.
Babak
penyisihan wis rampung. Bocah cacah patang puluh loro saiki kari rongpuluh sing
bakale maju sadurunge pinal. Sabanjure mengkone mung kari lima sing dipilih
nang pinal.
Pak
Supiyanto nyebul sempritan kaping telu. Banjur ngendika ngaso dhisik. Bapak-ibu
guru arep ngrembug sapa bae mengkone sing mlebu nang babak pinal.
Durung
mesti sing nang ngarep dhewe utawa sing dhisik tekan garis pinal dipestekake katut.
Mbokmenawa ana sing ora ngugemi tata cara. Mula perlu anane rembugan.
Wah, ya
mesti bae padha dheg-dhegan. La wong ya akeh sing padha nyalahi aturan. Embuh
kuwi njarak utawa ora. Umpamane nalika wis mlaku, ana sing padha sesenggolan
siji lan sijine. Sing satemene kuwi mau jane ya arep tiba. Nanging jaga-jaga
supaya ora dadi tiba sing ndadekake mlakune rada gloyoran.
Babagan
ngono kuwi mau ya mesti bae mlakune ora lempeng. Yen ndilalah sakiwa-tengene
ana bocah liya, ya mesti bae sesenggolan.
“Wadhuh,
piye ya kuwi mau? Aku ora njarak nyenggol Budi sing ndadekake dheweke tiba,”
mengkono gremengane Dana. Wektu lomba mau meh bae dheweke tiba, banjur
jaga-jaga.
“Wis,
ora sah dipikir nemen-nemen. Bapak-ibu guru luwih waspadha tinimbang awake
dhewe,” Bono ngeyem-ngeyemi.
Pak
Supiyanto maju nang tengah lapangan, banjur nyebul sempritane sing mendelep
nang tutuke. Rampung nyebul banjur ngendika. “Wara-wara. Sing mlebu nang babak
pinal yakuwi…,” Pak Supiyanto ngandheg dhawuhe. Kuwi ndadekake bocah-bocah
tambah dheg-dhegan.
“Piye to
Pak Pi kuwi? Ora nggenah,” panggremenge Dana.
“Heh,
aja ngono karo Pak Guru. Ora apik,” tembunge Bono ngelingake kancane.
“La wis
ora ndang diumumake,” Dana mbacutake tembunge.
“Pancen
digawe ngono ben luwih seru.”
“Yakuwi…
Bono, Rudi, Marjuki, Ngatmin, laaaan…,” sepisan maneh Pak Supiyanto ngandheg dhawuhe.
Bono lan
Marjuki sing kawit mau ngumpul, lungguh jejeran karo Dana, saiki melu-melu dheg-dhegan.
Bocah telu padha gegandhengan kenceng. Luwih-luwih Dana sing durung kasebut
jenenge. Bisane mung ndhiluk lan sithik-sithik unjal ambegan landhung. Mbokmenawa
sajroning batin nesu-nesu karo guru olah ragane siji kuwi.
“Dana!“
pambengoke Pak Supiyanto sing gawe kagete atine Dana.
Sanalika
bocah telu lunjak-lunjak nandhakake bungahe.
Pinal
Lomba Egrang
Saiki
sing angel diatur malah sing padha ndelok. Meh kabeh murid SD Kanoman 1 tumplek-bleg
nang tengahe lapangan ngarep sekolahan. Uyel-uyelan padha rebutan golek papan
panggonan ngarep dhewe.
Kepeksa
Pak Supiyanto nata dhisik. “Sing padha ndelok mundur limang jangkah. Banjur
patang mbaris sing nang ngarep lungguh utawa ndhodok ben sing nang mburi bisa
melu ndeleng.”
Ora ana
bocah sing ora manut. Kabeh ngugemi apa sing didhawuhake Pak Supiyanto.
Sabanjure bocah lima sing mlebu pinal nata awake dhewe-dhewe nang samburine
garis start.
Keprungu
swara sempritan disebul. Tanda lomba kawiwitan. Bocah lima kuwi enggal-enggal
munggah nang egrange dhewe-dhewe, banjur jumangkah. Ora kaya sadurunge, mbokmenawa
amarga sing ndelok luwih rame, lagi entuk telung jangkahan Ngatmin sempoyongan.
Dheweke banjur tiba, egrange uwal.
Saiki
mung kari bocah papat. Mbokmenawa padha kaya sing dirasakake Ngatmin, jangkahe
bocah papat ora kaya mau nalika babak penyisihan. Saiki rada rendhet lakune.
Kabeh padha ngati-ati kuwatir yen tiba lan sesenggolan karo kiwa utawa tengene.
Kuwi mau
malah gawe swasana tambah geger. Keploke sing padha ndelok luwih banter. Sajangkah
mbaka sajangkah bocah papat pet-petan anggone lumaku. Rapet banget. Yen ora
tliti banget, ya angel anggone nemtokake sapa sing bakal juwara.
Bener,
nalika padha tekan garis pinis, katone yen disawang mripat saklebatan bocah
papat bisa diarani bareng. Mung Dana dhewe sing katon cetha wela-wela sing
paling mburi. Nanging Bono, Marjuki, uga Rudi angel diarani salah sijine sing
paling dhisik.
“Priiit!” Keprungu swara sempritane
Pak Supiyanto. Swara kuwi disusul keploke murid-murid sing padha ndelok. Bapak
lan ibu guru sing dadi juru cathet mlaku nyedhaki Pak Supiyanto. Guru cacah
lima padha rembugan, nemtokake sing dadi juwara.
Sawetara
Bono, Marjuki, Rudi, lan Dana lungguh ngglesot nang suketan, cedhak garis
pinis. Dana ora katon pucet lan krasa dheg-dhegan kaya sadurunge. Dheweke wis
nyadhari yen kalah. Nanging ya isih lumayan. Isih kagolong mlebu juwara harapan
I.
Durung
ana pitung menit, Pak Supiyanto nyebul sempritane maneh. Bocah-bocah sing
sadurunge umyek, ngomong dhewe-dhewe, kaya kena gendham, cep-klakep meneng
kabeh.
“Dana, juara
siji…, harapan!” dhawuhe Pak Supiyanto rada nglucu. Sing krungu sanalika ngguyu
bareng, tanpa ana sing ngabani. “Juwara telu Marjuki. Juara loro Rudi. Dene juwara
sijine Bono.”
Sepisan
maneh keprungu swara keploke murid-murid sing padha ngenteni sapa sing dadi juwarane.
“Saiki padha nang njaba lapangan
kabeh. Kana, lungguhan nang emperan klas. Entuk ngetokake krosi. Nanging mengko
yen wis rampung, balekake nang njero klas maneh,” ature Pak Gunawan, wakil kepala
sekolah bagian kesiswaan.
Makbrul,
kaya tawon mudhal saka omahe, bocah-bocah padha cepet-cepetan mlebu klas. Dhisik-dhisikan
ngetokake krosi saperlu bisa manggon nang ngarep.
Kabeh
Dadi Juwara
“Lomba
sing kaping pindho, yakuwi estapet. Wis padha mudheng kabeh to tata carane
estapet?” Pak Gunawan ndangu bocah-bocah sing arep melu lomba.
“Sampun,
Pak!” wangsulane bocah-bocah bareng.
“Mengko
mubeng lapangan poli. Ora kena midak garis lapangan. Gandheng sing ana mung
limang klompok, dadi majune saklompok-saklompok bae. Start-e padha kaya balap egrang. Bedane, kancane sing bakal nampa
tongkat estapet kapisanan kudu wis nangkring sanduwure pancikan egrang. Tegese,
nalika nampa tongkat kudu padha-padha nang pancikan egrang. Kanca liyane entuk
ora nangkring. Nanging nalika giliran arep nampa kudu wis nangkring sandhuwure pancikan,”
mengkono ngendikane Pak Gun rada dawa. “Ana sing arep takon?”
Rudi
banjur ngacungake tangane. “Ingkang boten saking start manggen tengene gendera-gendera kuning sing dicublekake niku
nggih, Pak?”
“Bener!
Gendera kuning sing dicublekake siji karo sijine adohe watara sangang meteran,”
wangsulane Pak Gun.
Bono sakanca kaget. Bubar dikopyok,
linthingan dluwang metu. Bareng dibukak sing kapisanan katulis jenenge Bono. Tegese
klompoke Bono sing maju kapisanan. Banjur dibacutake klompoke Ngatmin, Rudi,
Bambang. Sing keri dhewe klompoke Budi.
Wah, jan angel tenan. Ora ana
siji-sijia klompok sing ora tiba. Embuh kuwi sing tiba bocahe, utawa tongkat
estapete. Rata-rata olehe padha tiba nalika ulung-ulungan tongkat estapet. Ana
sing nang gendera kapindho, ana sing nang gendera katelu, lan liyane.
Pak
Gunawan sing dadi wasit bingung. Yen ngono ora ana sing dadi juwara? Mbokmenawa
mangkono kurang-luwih sing dadi penggalihe Pak Gunawan. Banjur bapak-ibu guru
sing ngrewangi dikumpulake, saperlu rembugan. Pancen rada suwe anggone
rembugan. Sing baku, lomba estapet aja nganti ora kaleksanan amarga ora ana juwarane.
Mundhak ndadekake gelane bocah-bocah. Wis kadhung padha gladhi dhewe-dhewe,
mesakake yen wurung.
Mula
tata carane kudu digawe luwih entheng. Sarampunge bapak-ibu guru padha
rembugan, Pak Gun ngendika, “Saiki tata carane diowahi. Digawe sing rada
gampang wae, ben kabeh bisa ngayahi lomba.”
Sanalika
murid-murid padha keplok-keplok, tandha bungah.
“Nalika
ulung-ulungan tongat estapet, sing ngulungake apadene sing nampa entuk nang
lemah utawa medhun saka egrange.”
Sepisan
maneh, bocah-bocah padha keplok. Kapara luwih seru tinimbang sadurunge. Pungkasane,
estapet egrang kaleksanan kanti lancar. Dene sing dadi juara siji klompoke
Bono, juwara loro klompoke Rudi, lan juwara telu klompoke Ngatmin. Dene
klompoke Bambang lan Budi juwara harapan siji lan loro.
Ora ana
sing ora juwara. Kabeh klompok juwara. Babagan kuwi pancen disengaja supaya
bocah-bocah bombong. Kuwi ngemu karep supaya dolanan egrang tetep lestari.
Wewara babagan klompoke sapa bae sing
menang sajrone lomba estapet egrang wis rampung. Pak Slamet dalah Pak Joko banjur
mantheng benang kasur nang cagak lapangan poli. Benang kuwi saperlu kanggo
nggandhulake krupuk sing bakal kanggo lomba.
Tata carane
padha karo lomba mangan krupuk. Nanging yen medhun utawa tiba saka egrange kalah
utawa ora menang. Nang babak penyisihan mung dijupuk siji, yakuwi sing paling cepet
ngentekake krupuke.
“Priiit!”
Pak Joko nyebul sempritan, tanda miwiti lomba.
Bocah
lima sing pisanan maju, yakuwi Toto, Marjuki, Sarjo, Hartono, lan Topa. Nalika
keprungu swara sempritan, sanalika bocah lima kuwi mau cepet-cepet munggah nang
pancikan egrange. Banjur nyedhaki krupuk sing gemandhul.
Makkriyuk,
krupuk kakremus untu. Sithik mbaka sithik krupuk sing gemandhul katon luwih
cilik. Kriyuk, kriyuk, kres, krupuke Hartono wis entek dhisik. Ya mesti wae
Hartono sing mengkone maju nang babak sabanjure.
Swara
sempritan keprungu maneh. Babak penyisihan kaping loro kawiwitan. Lan sateruse,
nganti pungkasane ditemtokake sing katut nang babak pinal ana bocah pitu,
yakuwi Hartono, Budi, Dana, Rudi, Ngatmin, Bono, lan Bambang.
Babak pinal jan babak sing paling
seru. Bocah pitu kuwi pancen pilihan. Ora kaya babak sadurunge, sing lagi wae
sacokotan-telung cokotan wis padha tiba saka egrange. Nanging saiki beda. Nganti
rampung durung ana sing tiba, medhun saka egrange.
Murid-murid
sing ndelok tambah rame keploke. Semono uga bapak-ibu guru sing ngayahi juru
cathet. Karo nggegem setopwat ngematake banget krupuk nang tutuke bocah sing
lagi melu lomba.
Lomba mangan krupuk nganggo egrang wis
rampung. Bapak-ibu guru rembugan. Sarampunge rembugan, Pak Joko mlaku nang
tengahe lapangan poli.
Pak Joko
banjur ngendika rada sora, “Lomba sing pungkasan iki juwarane paling akeh tinimbang
lomba-lomba sadurunge. Sabab akeh sing wektune padha nalika ngentekake krupuk.
Bocah cacah pitu sing mlebu pinal entuk juwara kabeh!”
Murid-murid
padha keplok-keplok. Banjur Pak Joko nerusake ngendikane, “Rudi juwara siji.
Dana lan Hartono juwara loro. Bono juwara telu. Ngatmin lan Budi harapan siji.
Dene Bambang juwara harapan loro. Bebungahe para juwara dibagekake suk Senen,
sarampunge upacara.”
Bebungah
kanggo Putra Kinasih
Sore kuwi, bubar adus Jaka Saba ora
nang endi-endi. Ora kaya saben adate. Angger rampung adus, wis ora ketok
irunge. Kadhang-kadhang ya nganti bar isak durung bali. Nanging embuh kena apa,
sore kuwi luwih seneng nang omah.
“Eee…
kok kadingaren, anakku lanang bar adus nang omah? Mesthi ana apa-apa iki,”
tembunge biyunge Jaka mbeda.
“Make ki
ya ngapa to,” semaure rada sengol.
“Ya,
uwis yen ngono. Aku malah seneng yen nang omah. Idhep-edhep ngancani Make.”
Banjur
biyunge Jaka mlebu nang senthong. Sawetara Jaka isih lungguhan nang krosi
ruwang tengah. Sepisan maneh pikirane ngumbara. Kelingan bala-balane. Bono,
Toto, Marjuki, lan Dana. Kala-kala mripate nglirik nang pojokan. Persis mburi
lawang ana egrang semendhe. Nganti nyedhaki magrib kok durung ana siji-sijia
balane sing dolan. Mangkono mbokmenawa pangarep-arepe. Apa ana sing kangsenan
yen sore iki arep padha dolan? O iya, kabeh kuwi mau mung pengarep-arep.
Dina Senen, ngepasi tanggal pitulas.
SD Kanoman 1 nganakake upacara gendera nang plataran sekolahan. Pungkasane upacara,
Pak Supiyanto ngundangi bocah-bocah sing wingi menang lomba. Ya lomba balap
egrang, estapet, lan mangan krupuk nganggo egrang.
Pak
Gunawan sing mbagekake bebungah. Sajrone Pak Gunawan mbagekake bebungah, Jaka
Saba mung ndhingkluk wae. Nang njero atine ana rasa seneng amarga bala-balane
akeh sing dadi juwara. Nanging ya ana rasa sedhih amarga dheweke ora entuk melu
lomba. Ora ketang sithik, Jaka Saba ya duwe rasa sengit marang Pak Gunawan
amarga dheweke ora dikeparengake melu lomba.
Rampung
srah-srahan bebungah, Pak Gunawan nyandhak mik, sabanjure ngendika, “Kabeh
bebungah wis dipasrahake marang para juwara lomba. Nanging isih ana siji sing
durung dipasrahake.” Pak Gunawan ngandheg ngendikane rada sawetara.
Murid-murid
SD Kanoman 1 sing isih ngadek nang tengahe plataran sekolahan padha
thingak-thinguk. Ngeling-eling sapa ya kira-kira sing durung nampa bebungah?
“Kula aturi
Ibu Kepala Sekolah ingkang maringaken bebungah punika marang putra kinasih,” mangkono
Pak Gun nerusake ature.
Ibu
Kepala Sekolah banjur mlangkah, banjur jumeneng cedhak cagak gendera. “Bebungah
sing siji iki kapasrahake marang putra kinasih. Dene putra kasebut melu cawe-cawe
lan ngrembakakake egrang nang SD Kanoman 1 sing kita tresnani,” sepisan maneh
Pak Gunawan mandheg anggone ngendika.
Murid-murid
sing ngenteni tambah gregeten, gemes, mangkel, dheg-dhegan, campur dadi siji.
“Sapa putra kinasih kuwi mau? Ora liya ya putraku sing bagus dhewe kang aran
Jaka Saba!”
Sanalika
bala-balane Jaka njerit banter karo lunjak-lunjak tandha suka. Jaka Saba
dikekep, disikep kenceng banget dening bala-balane. Banget bungahe bocah lima,
yakuwi Bono, Jaka, Dana, Toto, lan Marjuki, ora krasa luhe mili, dleweran nang
pipi.
Jaka Saba dibopong bala-balane maju.
Klebu Rudi, ketua klas, ya melu mbopong. Bareng wis cedhak karo cagak gendera,
Jaka diudhunake. Sing mbopong banjur bali nang panggonan kawitan.
Nanging
lagi sajangkah, dipenggak dene Ibu Kepala Sekolah. “Wis, ora usah bali nang
barisan. Ngadek jejer-jejer nang mburine Jaka.”
Sabanjure
Ibu Kepala Sekolah masrahake bebungah marang Jaka Saba. “Putra-putriku kabeh.
Kawit dina iki klompoke Jaka Saba, Ibu jenengake Laskar Egrang!” mangkono ngendikane
Ibu Kepala Sekolah.
Bocah-bocah
sasekolahan padha keplok-keplok. Malah kepara ana sing suwit-suwit. Rame
banget.
Sampun
rumiyin, nggiiih!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar