Rabu, 24 Februari 2016

Dongeng-Basa-Jawa-Gaul-Gawe Dolanan



Serial Jaka Saba


Gawe Dolanan Yo!
 dening: Widyo Babahe (mbah Wid)

Ngepasi malem Minggu, rembulane ketok melok-melok. Padhang mbulan. Bocah sapantaran padha gegojegan nang plataran.
Kahanan kaya ngono kuwi mau saiki wis langka. Malah kepara wis ora ana nang kutha. Amarga kutha wis padhang saka sunare lampu listrik. Dadi padhange mbulan kalah karo sunare lampu listrik.
Nanging ing Dhukuh Saba, isih langka lampu listrik nang dalan. Mula padhange mbulan ya katon padhang tenan. Yani, Nur, Mita, Irma, lan Sinta wis ngumpul nang platarane Pakdhe Lekan.
Ora kaya adat sabene, yen ngepasi padhang mbulan tur malem Minggu kaya ngono kuwi, sing ngumpul luwih saka bocah limalas. Nanging embuh, wengi kuwi kok mung bocah lima. Najan mung bocah lima, ora gawe surute anggone padha dolanan. Pancen sing kerep runtang-runtung ngalor-ngidul ya bocah lima kuwi mau.
“Yo, dolanan cublak-cublak suweng yo!” pangajake Yani marang kanca-kancane.
Sing diajak ora wangsulan. Bocah-bocah kuwi terus padha mider dhewe-dhewe. Golek watu cilik sing diarani gacuk, sing dienggo piranti dolanan.
“Nganggo gacuk iki wae ya. Watune ketok beda. Cilik, alus, rada ireng,” panjaluke Mita marang kanca-kancane. Dheweke nuduhake watu sing lagi tinemu.
Kanca-kancane sarujuk. Rampung kuwi, kabeh padha ngumpul terus hompimpah. Pungkasane, Nur karo Sinta padha pingsut. Nemtokake sapa sing dadi.
Bocah-bocah bebarengan nembang cublak-cublak suweng. Mung Sinta dhewe sing ora nembang, amarga dheweke sing dadi. Kanca-kanca liyane lungguh, karo nyelehake salah sijine tangan. Embuh tangan kiwa, embuh tangan tengen. Tangan ditumpangake mlumah nang gegere Sinta. Sinta njengking kaya wong sujut nalika sembahyang.
“Sirpong dhele kopong, sir-sirpong dhele kopong, sir-sirpong dhele kopong.”
Sinta njenggelek saka njengkinge. Lungguh karo menga-mengo. Kaya kethek ditulup, mangkono paribasane. Ngira-ira sapa sing nggawa gacuke. “Irma!” mangkono bedheke Sinta.
“He, keliru!” pambengoke kanca-kanca dolanane meh bebarengan.
Pancen bener, sing nggawa gacuk dudu Irma. Nanging Yani. Pungkasane Sinta dadi maneh. Tembang dolanan cublak-cublak suweng ditembangake bareng-bareng kaya mau.

Tambah Kanca Dolanan
          Katon rame, senajan sing dolanan mung bocah lima. Nambah swasana padhang bulan wengi kuwi dadi regeng. Apamaneh nalika lagi gayeng-gayenge padha dolanan, Riski, Asih, lan Dian teka. Nimbrung. Bocah telu sing lagi teka hompimpah dhisik karo Mita sing nembe dadi. Bocah papat hompimpah nemtokake sapa sing dadi.
Wah, saiki sing dolanan dadi bocah wolu. Luwih regeng, luwih rame. “Yo, dolanan liyane wae. Aku wis bosen dolanan cublak-cublak suweng,” panjaluke Sinta marang kanca-kancane.
“La, terus dolanan apa?” pitakone Asih.
Gandheng bocah akeh, kekarepane ya rupa-rupa. Ana sing ngajak dolanan betengan. Ana sing pengin gobak sodhor utawa dhingklik oglak-aglik. Liyane pengin seledhor utawa soyangan. Uga ana sing kepengin dolanan sundhah-mandhah utawa engklek.
Yani, sing biasane mandhegani kanca-kancane, nemtokake dolanan sundhah-mandhah utawa engklek. “Nanging ngene, dipisah dadi rong panggonan. Sakpanggonan bocah papat. Kesuwen ngenteni giliran, yen dadi siji,” mengkono Yani anggone nata kanca-kancane.
Sidane bocah wolu dolanan sundhah-mandhah sing kabagi rong panggonan. Dolanan sing siji kuwi mau beda karo dolanan sadurunge. Yen cublak-cublak suweng, kejaba ana dolanane, uga ana tembange.
Nanging dolanan sundhah-mandhah mung dolanan thok. Ora ana tembange. Kejaba kuwi, dolanan sundhah-mandhah ora kabeh bareng bisa dolanan. Urut siji-siji, ngenteni giliran. Semono uga dolanan gobak sodhor, betengan, utawa dhakonan. Ora ana tembange.
Nang endi papan panggonan, bocah wadon karo bocah lanang ora tau bisa akur yen padha dolanan. Bocah lanang senengane yen ora ngrusuhi, ya mbeda. Apamaneh nalika ngerti yen ana bocah-bocah wadon dolanan.
Mula nalika weruh ana bocah wadon padha dolanan sundhah-mandhah, grombolane Jaka Saba kaya ana sing ngabani. Bebarengan teka karo bancikan, menthangkring nang dhuwur egrang. Mlaku nrabas garis sing dienggo dolanan sundhah-mandhah.
Ya mesti wae sing lagi dolanan, ya ora liya bocah-bocah wadon kuwi, sanalika nesu. Tanpa ana sing ngomandho, bocah-bocah wadon ngoyak lan ngrubut bocah-bocah lanang sing lagi egrangan. Mesti wae sing nganggo egrang kalah cepet karo sing mlayu biyasa. Mula ora watara suwe, bocah-bocah sing nganggo egrang enggal kecandhak. Terus padha medhun saka egrange.
“Karepe piye? Kok ngrusuhi sing lagi dolanan sundhah-mandhah?” pambengoke Nur marang bocah-bocah lanang.
“Yen ora seneng mbok ya ora usah ngrusuhi. Kana dolanan dhewe. Cah lanang padha-padha cah lanang,” tembunge Yani nimpali.
Bocah-bocah lanang mung cengengesan. Apamaneh Jaka Saba sing bisa diarani pandhegane kanca-kancane.
Mbokmenawa wis kaya adhate yen bocah lanang seneng dolanan sing akeh polahe. Suwalike, bocah wadon senenge dolanan sing alusan. Kaya to bekelan, pasaran, dhakonan, klebu uga sundhah-mandhah.
Ana sing ngarani yen bocah wadon dolanan setinan kuwi ora patut. Kuwi pantese dolanane bocah lanang. Semono uga kosok baline yen ana bocah lanang dolanan pasaran diarani wandu utawa jengki.
Nanging kuwi mau kabeh mung panganggepe wong sing isih jadhul utawa kuna. Satemene dolanan kuwi ya mung saderma dolanan. Kanggo ngisi sepine kahanan. Nambah lan ngraketake kekancan.
Dolanan ora duwe watak wadon utawa lanang. Kabeh lan sapa wae sing bisa nglakoni, ya kena-kena wae. Ora ana jinise dolanan lanang utawa wadon.
Nanging embuh kena apa, Jaka Saba sagrombolane kok ngrusuhi nalika bocah wadon lagi dolanan sundhah-mandhah.
“Mbokmenawa bocah-bocah lanang ora seneng dolanan sundhah-mandhah. Piye yen dolanan jamuran wae?” panjaluke Mita marang kanca-kancane.
“Ya, yen ngono aku melu,” tembunge Jaka Saba.
Sanalika kanca-kancane sagrombolan, ya Krisna, Mamad, Heru, lan Halim, padha sarujuk. Bocah lanang sapantaran sing nggawa egrang enggal-enggal nyelehake egrange. Egrang disendhekake wit nangka pinggir platarane Pakdhe Lekan.
Mbulane saya mendhuwur. Sunare tambah padhang. Ing plataran katon kaya rina. Bocah-bocah sing dolanan padha seneng-seneng. Embuh pancen adhate utawa kagawa saka kahanan alam, tembang padhang mbulan keprungu. Tembang kuwi metu saka gorokane bocah-bocah sapantaran. Nambah regenge swasana.
“Yo pra kanca dolanan ing njaba, padhang mbulan padhange kaya rina, rembulane sing awe-awe, ngelingake aja padha turu sore.”  Bocah-bocah nembang makaping-kaping.
Saiki cacahe ana bocah telulas. Nglumpuk nang tengahe platarane Pakdhe Lekan. Terus padha hompimpah. Nemtokake sapa sing dadi sajrone dolanan jamuran mengkone.
Pancen dina kuwi lagi rejekine Sinta. Sepisan maneh Sinta kalah. Ya, mesthi wae dheweke sing dadi. Sakancane padha gegandhengan, ngubengi Sinta sing ana tengahe kalangan. Gegandhengan mlaku mubeng karo nembang jamuran.
“Jamuran, ya gegethok. Jamur apa, ya gegethok. Sira njaluk jamur apa?” mengkono pungkasane tembang, dibarengi karo nguwali gandhengane dhewe-dhewe.
Sinta mesam-mesem karo nyawang kancane siji mbaka siji. “Jamur kethek menek!” pambengoke Sinta.
Sanalika kanca-kancane padha mlayu golek wit. Terus padha menek kaya kethek. Sinta kawit mau tansah ngawat-awati Jaka Saba. Katone Sinta wis ngincim. Ndilalah Jaka Saba rada ora waspada lan playune kurang cepet. Ya mesti wae gampang kecandhak dene tangane Sinta.
“He, Jaka sing dadi!” pangucape bocah-bocah liyane.
Tembang jamuran diambali kaya mau. Saiki sing nang tengah dudu Sinta, nanging ganti Jaka Saba. Rampung nembang, Jaka Saba sing dadi nembung njaluk jamur krosi.
Bocah-bocah sing ngubengi Jaka sanalika padha ndhodhok. Terus ethok-ethoke dadi krosi. Sing dadi nglungguhi krosi kuwi mau siji mbaka siji. Sapa sing ora kuwat dilungguhi, ya kuwi sing mengkone genti dadi.
Saka bocah rolas, sing ora kuwat dilungguhi mung Dian karo Irma. Ora maido, bocah loro kuwi pancen kagolong isih cilik. Dadi ya pantes yen otote isih kurang rosa. Dian lan Irma terus pingsut. Sing menang Irma. Wis samestine sing dadi ya Dian.

Ajar Gawe Kuluk
“Jamuran, ya gegethok. Jamur apa, ya gegethok….” Tembang kuwi durung nganti rampung, kapedhot pambengoke Jaka, “Nas, aku nas dhisik. Kae kancaku padha teka.”
Kabeh padha nyawang marang sarombongan bocah lanang sing lagi teka. Sarombongan kuwi mau ora liya ya kanca-kancane Jaka nang sekolahan. Bono, Marjuki, Toto, lan Dana. Ora watara suwe, sawise diawe Jaka, bocah papat kuwi mau nyedhak.
“Tepungake, iki kanca-kancaku sasekolahan, ya sakelas,” mangkono tembunge Jaka marang kanca-kancane ing Dhukuh Saba.
Rampung tepungan, Jaka nerusake tembung, “Ya dingapura wae, aku ora ngomong sadurunge. Dina Senin mengko nang sekolahanku arep dianakake pertandingan bal-balan nganggo egrang. Mula kanggo persiapan ben ora kaget, dina iki arep padha latihan nang kene.”
Wah, ya mesti seru. Bal-balan nganggo egrang! Ora sembarang bocah bisa nganggo egrang. Terus kepiye nyadhuk lan mlayune yen padha ngoyak bal? Nanging kanggone Jaka Saba sakanca, bab kuwi wis ora perlu dikuwatirake.
Pertandhingan persahabatan antarane kanca sekolah lawan kanca sadhukuh kawiwitan. Jaka Saba melu kanca sasekolahan. Dene kelompok Dhukuh Saba dipercayakake marang Mamad, Krisna, Halim, Heru, lan Yani.
Marjuki kaget, kok ana bocah wadon bisa numpak egrang. Apamaneh mengko nganggo nyadhuk bal barang. Ora sembarang bocah wadon bisa bal-balan. Apamaneh iki nganggo egrang.
Jaka Saba ngerti glagate Marjuki, terus nyedhaki. “Aja kaget karo bocah-bocah Dhukuh Saba. Lanang-wadon akeh sing bisa nganggo egrang. Sadurunge kowe bisa, Yani, Nur, Sinta wis bisa nyadhuk bal nganggo egrang,” Jaka mbisiki Marjuki.
Nur dadi wasit. Dhweke nyebul sempritan. Tandane pertandhingan kawiwitan. Bocah-bocah Dhukuh Saba liyane padha keplok-keplok.
Regune Jaka sing entuk giliran nyadhuk bal dhisik. Bono ngawiti nendhang bal, sing dioperake marang mburine, yakuwi Dana. Terus dioperake marang Toto, sing ana sisih tengene. Mamad maju, karepe arep ngrebut bal saka sikil egrange Toto. Nanging kalah cepet, amarga wis ditendhang, dioperake Marjuki sing ana ngarepe.
Sadurunge bal tekan nggone Marjuki, Krisna luwih cepet lan trengginas, ndhisiki nyandhak bal. Jan Krisna pancen bocah sing prigel yen nganggo egrang. Kaya-kaya egrang kuwi mau wis nyawiji nang sikile.
Dheweke ya bisa mencolot-mencolot uga nganggo egrange. Dadi ora maido, nalika nggiring bal, Dana nyegat nang ngarepe, Krisna nyepit bal nganggo egrange, banjur diumbulake. Sanalika bocah-bocah sing padha nonton keplok-keplok.
Jebule sing padha nonton tambah akeh. Ora mung bocah-bocah thok. Wong-wong tuwa ya padha melu nyedhak. Mbah Tono sing biyasane nang omah nyetel VCD uyon-uyon gendhing-gendhing Jawa, bengi kuwi ora gelem keri. Semono uga Paklik Huri, melu-melu nyoraki nalika regune Jaka Saba nggiring bal. Ya mesti wae gawe grogine kanca-kancane Jaka.
 Bocah-bocah Dhukuh Saba dhewe wis kerep ditonton wong-wong tuwa. Apamaneh krungu bengak-bengoke Paklik Huri. Meh saben dina, nganti bosen. Pungkasane, pertandhingan dimenangake regune bocah-bocah Dhukuh Saba kanti biji 3-1.
Wektune arep ngancik tengah wengi. Hawane tambah adhem. Siji mbaka siji bocah-bocah sing dolanan ing platarane Pakdhe Lekan bali menyang omahe dhewe-dhewe.
Sadurunge padha ninggalake platarane Pakdhe Lekan, Jaka pesen karo kanca-kanca Dhukuh Saba. Sesuk esuk kanca-kanca sekolahane arep sinau gawe kuluk saka godhong nangka marang bapake Jaka. Sapa sing arep melu sinau bareng kena teka nang omahe Jaka. Ora mung kuwi. Bapake Jaka ya njanjeni arep ngajari piye carane gawe montor-montoran saka kembang tebu alias gleges.
Esuk umum-umun, Krisna, Mamad, Halim, lan Heru wis nang omahe Jaka. Bocah-bocah kuwi pancen seneng gawe dolanan. Apamaneh gawe dolanan sing bahane gampang digoleki alias wis cemawis nang Dhukuh Saba. Ora kudu nganggo tuku barang.
Rada sawetara, Bono, Dana, lan Toto wis ketok irunge. Nanging embuh kena apa, Marjuki kok ora melu bareng.
Bocah-bocah wis sawetara suwe anggone padha ngumpul nang emperan omahe Jaka. Nanging Jaka sarta bapak lan ibune sajake ora ana nang omah. Lawang ngarep bukakan amba. Nanging sing duwe omah siji-sijia ora ana sing ketok kemliwer.
Pancen wis dadi adate warga Dhukuh Saba, ora tau nutup lawang omahe, najan lunga suwe. Nanging esuk kuwi rak iya wis kangsenan to? La kok malah lunga iki kepiye karepe? Mbokmenawa mengkono pamikire kanca-kancane Jaka.
“Wis padha nglumpuk to iki mau? Suwe ya anggone ngenteni?” pambagene ibune Jaka marang bocah-bocah sing lagi lungguhan nang emperan.
“Sawetawis wekdal kok, Makdhe,” wangsulane Bono.
“Ya, nek rong jam nggih dereng wonten,” Krisna nimpali gunem.
Ibune Jaka ora nesu. Malah kepara ngguyu. Wis apal watake Krisna sing pancen seneng clelekan. “Jaka karo bapake isih nang kebon. Lagi ngrenceki kayu nangka, karo milihi godhonge. Jare arep digawe kuluk?”
“Nggih, Dhe,” semaure bocah-bocah meh bareng.
Ora let suwe Jaka njedhul saka mburitan karo nyangking kranjang cilik isi godhong nangka. Bapake ngetut mburine mbongkok rencekan kayu.
“Wis, kono padha dikepenakake dhisik. Pakdhe ndokok rencekan iki nang pawon dhisik, selak ndang dienggo adang makdhemu,” tembunge bapake Jaka karo mlaku memburi.
Dene Jaka nyelehake kranjang cilik isi godhong nangka nang ngarepe kanca-kancane. Banjur mlebu omah saperlu njupuk gleges, kembang tebu, sing wis dicepakake wingenane sore.
“Nggawe kuluk dhisik apa montor-montoran?” pitakone Jaka marang kanca-kancane. Durung nganti ana sing wangsulan, Jaka Saba takon maneh, “Lo, Marjuki kok ora ketok dhewe?”
“Lagi kon momong adhine. Bapak lan biyunge menyang pasar. Mengko jare nyusul mrene,” wangsulane Dana.
Bocah-bocah Dhukuh Saba wis padha bisa nggawe kuluk saka godhong nangka. Mula karo ngenteni bapake Jaka, Krisna, Mamad, lan Heru ngajari Bono, Dana, lan Toto kepiye carane gawe kuluk.
Godhong nangka sing isih ijo kuwi mau ditekuki siji-siji. Sing alus nang njaba. Wis ana sawetara godhong nangka sing tekukan, kira-kira cukup satlakupan sirahe dhewe-dhewe. Terus siji mbaka siji godhong nangka kuwi mau digandheng. Bisa nganggo steples. Nanging luwih becik nganggo biting. Mengkono kurang-luwih bocah-bocah Dhukuh Saba ngajari gawe kuluk.
“We, la iya wis padha pinter gawe kuluk dhewe ngono. Dadi aku mung ngajari carane gawe montor-montoran wae to?” pangaleme Jaka marang kanca-kancane sekolah. Dheweke mikul gleges, terus diselehake nang pojokan emperan.
Sing dialem ora nggagas. Padha senggut karo kuluk gaweyane dhewe-dhewe. Dana, Bono, lan Toto mesam-mesem karo njajal ngepasake kuluke nang sirah.
Sawetara kuwi Jaka Saba ngudhari gendhelan sing dinggo naleni gleges kembang tebu. Bareng wis uwal, kembang tebu dipantha-pantha. Karepe ben ora padha rebutan. Rampung kuwi banjur dibagekake marang kanca-kancane. Sapantha kanggo bocah loro. Sabanjure bocah-bocah padha nglereki blarak, saperlu gawe biting.
“Pesene Bapak, montor-montoran sing arep digawe direka-reka dhisik utawa digambar. Saka ngiringan kaya apa. Yen disawang saka ngarep kaya apa. Yen wis glegese dikethoki, manut dawa-cendheke sing dikarepake dhewe-dhewe.”
Sanalika bocah-bocah padha golek panggonan dhewe-dhewe. Banjur nggambar nang lemah. Ana sing nggambar sedhan. Ana sing nggambar bis utawa trek. Lan ana sing nggambar kreta. Wah, jan apik banget gambare.
Sarampunge padha nggambar, banjur padha ngethoki gleges sing isih lonjoran. Dawa-cendhake manut ukuran gambare dhewe-dhewe.
“Leren dhisik. Kana padha menyang mburi. Mengko yen wis rampung maem, dibacutake maneh. Nanging ya kuwi, Makdhe ora duwe lawuh. Kuwi mau takgorengake gereh karo jangan kebo alias jangan gori,” mengkono tembunge ibune Jaka Saba marang bocah-bocah.
Nanging kanca-kancane Jaka Saba sajake padha isin. Bareng Jaka rada meksa, lagi padha gelem memburi saperlu maem. Pancen wis watake menungsa, najan weteng ngelih alias durung diisi, ganthane ya ora gelem yen ditawani mangan.
Rampung mangan, bocah-bocah bali maneh nang emperan. Mbacutake gawe dolanan montor-montoran. Bapake Jaka Saba wis ana nang papan kono. Sabanjure bocah-bocah diwarahi kepiye carane nyambung kethokan gleges, nganggo biting.
“Alon-alon bae. Sing ati-ati. Yen bitinge kurang lancip, mengko glegese pecah,” mengkono bapake Jaka wanti-wanti.
Durung nganti rampung olehe ngucap, makpres, keprungu swara gleges pecah. Oalah, anggone Dana nyublesake biting nang glegese kerosanen. Bareng digatekake, bitinge ya kurang lancip.
“Wah, inggih leres, Pakdhe,” tembunge Dana.
“Ya wis ora dadi apa. Jenenge bae lagi sinau. Ora maido yen ana klerune.”

Kena Bom Teroris
Dina Minggu sore kuwi, dalanan Dhukuh Saba katon macet. Ora amarga ana wong lagi nggiring bebek utawa arak-arakan nganten. Nanging ana arak-arakan montor-montoran. Sarampunge sinau gawe montor-montoran saka kembang tebu alias gleges, bocah-bocah kuwi gawe arak-arakan. Padha nggeret montor-montoran gaweyane dhewe-dhewe, turut sadalan-dalan.
Saben wong sing weruh, kalebu wong sing lagi numpak montor, mandheg utawa mlaku alon-alon. Kejaba kuwi, akeh bocah cilik sing padha melu mlaku, ngetutake nang mburine. Ya pantes wae yen dalane macet.
Mamad, Halim, lan Dana gawe bis. Heru, Yani, Nur, lan Bono gawe trek. Mita, Sinta, lan Toto gawe sedhan. Dene Jaka, Riski, Asih, lan Krisna gawe kreta kencana.
“Lo, kok kretane Krisna mlenyok? Bar kena apa kuwi mau?” pambengoke Lik Huri.
“Bar kena bome teroris, Lik,” wangsulane Krisna ora kurang akal.
Pancen bener, yen dibiji utawa disawang montor-montoran sing paling kurang sampurna ya gaweyane Krisna. Liyane wis padha katon apik. Saora-orane katon bakoh. Nanging beda karo sing digawe Krisna. Pancen yen dietung, paling ora sabar utawa grusa-grusu ya Krisna. Apamaneh dheweke kakehan clelekan.
Mbokmenawa wis padha marem anggone ngeret-eret montor-montorane mubeng Dhukuh Saba, bocah-bocah sapantaran padha leren. Lungguhan nang platarane Pakdhe Lekan.
“Wis sore, nanging Marjuki kok durung ketok. Ana apa ya?” tembunge Dana nalika pada leren.
“Mbokmenawa ora entuk dolan-dolan karo biyunge,” Yani nerusake tembung.
“Yen ora ngono, adhine sing ora gelem ditinggal,” Mamad melu urun rembug.
“La kepiye, Dan? Iki wis sore, sedhela maneh rak iya kudu bali to awake dhewe?” pitakone Bono marang Dana. Sing ditakoni ora langsung wangsulan. Isih bingung, mikir-mikir dhisik.
“Ya wis, ngene wae, dienteni sauntara. Yen durung teka mrene, ya wis ditinggal wae,” urun rembuge Jaka.
“Yen pancen niat arep mrene rak iya wis mau to tekan kene. Nanging nganti sore durung teka, ateges ya pancen ora niat mrene,” sambunge Toto rada anyel.
Rampung padha grejegan, bocah-bocah sapantaran bali nyang omahe dhewe-dhewe. Kejaba kuwi wancine pancen wis arep nyedhaki magrib. Bocah-bocah kuwi ora lali nyangking montor-montoran sing lagi wae dieret-eret sadalan-dalan. Nanging beda karo Krisna. Kreta kencanane ditinggal ngono wae nang emperane Pakdhe Lekan.
“Lo, Kris, kreta kencanamu kok ora mbokgawa?” pitakone Jaka.
“Wis ben. Kreta elek wae kok. Suk Minggu ngarep aku arep nggawe sing luwih apik,” wangsulane Krisna karo mlaku ninggalake platarane Pakdhe Lekan.
Bengine Jaka Saba diterake bapake menyang omahe Marjuki. Perlune kepengin ngerti, ana apa satemene Marjuki awan mau kok ora sida nyusul kanca-kancane nang omahe.
“Kula nuwun, kula nuwun,” uluk salame Jaka karo ndhodhok lawang omahe Marjuki.
Let sawetara wektu lawang wis dibukak. “Eee… Jaka. Kok bengi-bengi to? Arep nggarap PR bareng ya? Dhewekan apa karo sapa?” pitakone biyunge Marjuki marang Jaka.
“Anu, Bu, dipunteraken Bapak,” wangsulane Jaka. “Marjuki wonten?” Jaka ganti takon.
“Mar, ki lo digoleki balamu. Jaka!” biyunge Marjuki mbengok ngundang anake. “La bapakmu ngendi? Kok ora diajak mlebu?”
“Anu, Bu, Bapak bablas teng pom bensin. Mangke kundure ngampiri kula.”
“Sepurane wae, Jaka, aku mau ora sida nang omahmu,” ucape Marjuki rada getun. Banjur Marjuki nyritakake perkarane kenapa ora sida sinau gawe dolanan bareng-bareng karo kanca-kancane nang omahe Jaka.
Satemene ya abot, lan uga Marjuki rada isin yen nyritakake. Nanging kepiye maneh, babagan iki kudu dimangerteni Jaka supaya ora dadi sujana.
Banjur Marjuki crita marang Jaka yen dheweke ora entuk biyunge melu-melu gawe dolanan. Yen gawe dolanan dhewe, Kuwatir sandhangane mengko reget. Luwih gampang tur ora ribet, tuku dolanan nang pasar utawa nang toko. Mangkono jare ngendikane biyunge. “Sepisan maneh, aku njaluk ngapura.”
Bali saka omahe Marjuki, Jaka Saba isih kegawa pikiran. Mikirake nasibe kanca cedhake, Marjuki. Kok ana wong tuwa sing isih duwe pamikiran kaya ngono. Apa kaya ngene iki pamikirane wong jaman saiki? Kabeh-kabeh nggampangake nganggo tuku. Kabeh-kabeh sarwa dhuwit. Sajane yen gelem rekasa sithik, kabeh mau bisa diupakara. Ora kudu tuku. Ora kudu nganggo dhuwit.
La wong bumine dhewe iki isih jembar. Isih akeh sing bisa diupakara. Delengen kae, saben wong bar mangan duren, rambutan, pelem, utawa woh-wohan liyane. Saben bubar mangan, isine dibuwang sakepenake, liya dina ya bisa thukul. Kuwi rak iya mertandhani yen bumine dhewe iki isih subur.
Nanging embuh, kok iya akeh wit-witan sing ilang. Mati amarga ora dirumati utawa amarga ditegori. Babagan nandur lan ngopeni, ora banget-banget dadi kawigaten.
Pamikirane Jaka sing kaya ngono kuwi mau kegawa nganti turu. Ndadekake ngimpi sing ora nyenengake. Embuh saka endi mulabukane, ngerti-ngerti Jaka wis ana ing papan panggonan sing ora cetha jluntrunge. Mung kagambar nang sawijine ara-ara sing padhang jingglang.
Ora ana tanduran siji-sijia. Jaka Saba arep nerusake lakune, ya ora cetha arep tekan ngendi. Arep bali ya wis kebacut adoh. Nanging ya kudu nerusake laku. Amarga papan kono rasane panas banget. Kaya-kaya srengenge ana ing sandhuwure bun-bunan.
“Le, wis rina, ndang tangi! Telat mengko sekolahe!” tembunge ibune Jaka karo gugah-gugah anake lanang.
Sing digugah gragapan, njenggelek karo tholah-tholeh ngiwa-nengen. “Ooo, mung ngimpi to kuwi mau,” tembunge Jaka sajrone batin.
Jaka Saba makbrabat mlayu menyang pakiwan. Adus, salin, sarapan, nyangklong tas, pamitan bapak lan ibune. Banjur mangkat sekolah.

Sampun rumiyin.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar